Latest SOAL :
Tampilkan postingan dengan label CERKAK. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label CERKAK. Tampilkan semua postingan

Rabu

( Cerkak ) Ary, sing Siji iki

J
enenge Tiari. Kanca sakkelas nyeluke Ary. Apa Ary iku ayu, setengah ayu, malah gak ayu babar pisan, aku durung isa mbiji. Aku sik umbelen. Du­rung suwe disreng (sunat), Ary prawan kencur. Pawakane mrengil. Praen bunder. Sing paling gampang dadi tengerane, lambe ngisor sesih kiwa ditempleki an­dheng-andheng. Bunder gedhe sakpil obat ngelu. Masi wis jamane ekor kudha, tapi Ary sik seneng klabangan loro, nggae pita abang. Kesit. Nglanangi. Sakben didu kasti mongsuh sekolahan liya, Ary mesthi dadi bintange. Sik ana maneh. Ary iku pin­­­ter me­nyayi, swarane merdhu. Wis wani mung­gah panggung barang. Angger wa­yah wulangan menyanyi, murid sakelas kudu menyanyi lagu wajib, Nenek Mo­yang­­ku Orang Pelaut. Utawa nembang Kate-kate dipanah. Kanggone Ary bebas. Sing paling rame menawa Ary menyanyi Gambang Semarang. Angger nyandhak Grak-Grik si tukang kendhang, bokonge megol ngiwa, megol nengen, terus mri­pate mlerak-mlerok kaya Shakila bintang film India. Sejene pinter menyanyi Ary pan­­cen pinter nggaya. Tapi ya iku, janji wis nggarap etung para-gapit, utawa garis miring, Ary klebu murid sing paling gob­log. Kepleg. Mbleneki. Kanca sakelas nge­dumel ngomeli.

Selasa

Cangkír Próthól

S
akjané rêgané ora sêpiroå. Nangíng cothoné kuwi síng nganti Bandi ora lèrèn-lèrèn anggoné nggêtuni.
Åpå manèh yèn nuju ngópi wayah ésúk, dhèwèké mêsthi banjúr kèlingan. Ngópi kuwi yèn ora nèng cangkír rumangsané rasané dadi bédå. Rasané jan kurang ngês ngono kaé.
Upåmå tuku manèh yå isíh kuwat, nangíng yå têtêp bédå.
Åpå manèh cangkír mau cangkír kawak lan amúng kari siji, tinggalané ibu suwargi.
Utåwå mbók mênåwå waé malah tinggalané suwargi simbahé.
Sabab wêktu isíh cilík, dhèwèké kêrêp wêrúh ibuné ngladèni kópi simbah kakúng sabên ésúk yå nganggo cangkír kuwi.
Yå amargå amúng kari rupå cangkír kuwi warisan síng saiki isíh nyiså, mulå anggóné ngêmi-êmi kåyå déné êmas picís råjå brånå.
Mulå dhèwèké dadi nêsu bangêt nalikå wêrúh cangkír mau próthól ganthilané.

Si Sri


M
bah Suríp nyèlèhaké paculé banjúr lunggúh íng sangisóré wít trêmbêsi tuwa íng pójók tanggúl sawah.
Ambêgané isíh ngós-ngósan sauntara suwé anggóné macúl gawé pinihan. Ora krasa kêringêt tumètès siji mbaka sawiji saka pucúk-pucúk jénggóté dhawa kang wís putíh.
Wís kaya padatan, nalika pari kuníng, kadang-kadang tani kudu gawé pinihan.
Pinihan mangkono papan kang dicêpakaké kanggo ndhêdhêr winíh. Sapérangan pari diundhúh dhisík síng ambané dijumbúhaké cacah winíh síng bakal disêbar.
Sisa dami dibabat ngêpók, banjúr dipacúl lan dirata alús dadi lèr-lèran trús dipilah dadi pirang-pirang bèdhèngan.
Bèdhèngan iki síng mêngkoné disêbari winíh síng bakal tuwúh têkan umúr udakara sêlawé dina kang bakal didhaút lan ditandúr.
Mangkono síng ditindakaké kadang tani sabên-sabên mangsa panèn têka, ra béda síng dilakóni Mbah Suríp.
Mbah Suríp nyêrót rókók tíngwé síng dicêpakaké saka ngomah. Kala-kala capingé diobat-abitké ngiwa-nêngên kanggo nyêgêraké awak síng sumúk amarga katêrak panas.
Srêngéngé wís katón gumléwang.
Wít trêmbêsi tuwa íng pójók tanggúl sawah, dadi kancané Mbah Suríp sabêndinané.
Mbah Suríp nyawang tandurané kang wís padha kuníng.
Têtanduran pari katón mabit mangiwa mabit manêngên kasapút angín kang lumayu oyak-oyakan, kaya-kaya ndhudút pangrasané síng sambat ngadhêpi uríp kang samsaya kêjêpít déníng kahanan.
Panèn iki para tani kudu gêla manèh.

Rabu

Pangimpenku kowe Kang 2

B
apak lan ibu namung petani biyasa. Neng omah Mina karo adhine Sinta. Sinta isih patang taun, saiki sekolah ing taman kanak-kanak. Dheweke bali amarga misanane, yaiku anake paklik e arep mantenan. Dheweke nyinom. “Ndhuk wis bali? Kapan tekane?” Bapake Mina takon. “Wau Pak, siyang” jawabe Mina. “Lha piye wis entuk panggilan durung?” bacute Bapake Mina takon. “Dereng Pak.. mpun muter-muter pados pedamelan, mpun nyebar teng pundi-pundi, eh malah mpun telas arta kathah” jawabe Mina karo ngleles, lemes. “Durung rejeki, wis nyantai wae sek…. Mengko nek wis wayahe ya gampang, muga-muga diparingi Gusti Allah kemudahan ya Ndhuk…?” Ibuke Mina nyauri saka pawon. “Inggih Buk.” “Iya… ora usah ngoyo Ndhuk, pancen durung wayahe, sing sabar…” Bapake Mina nambahi.” Mina sing lagi nonton tv mung meneng lan ngrungokake apa sing didhawuhake Bapak lan Ibuku marang dheweke.

Selasa

Cerkak Bahasa Jawa ( Dhúh Gústi )

S
abên wayah ésúk, nalikå arêp mangkat nyambútgawé, Sawitri kêrêp kêtêmu cah lanang ênóm iku.
Pådhå-pådhå mlaku nuju dalan gêdhé. Banjúr ngadêg nèng pinggír dalan nyêgat bís.
Jalaran såkå pakulinan iku dhèwèké dadi têpúng karo cah lanang ênóm iku.
Asmané Mardiyantó, kêrêp dicêlúk Yantó.
Asalé såkå déså íng sawijiníng tlatah Kabupatèn Wónógiri.
Dhèwèké ngaku isíh lêgan lan nyambútgawéné ånå pêrusahaan asuransi. Anèng kuthå iki dhèwèké ngêkós.
Papan kósé ora adóh såkå omah kang dikósi Sawitri.
Durúng ånå sêtaún Sawitri manggón íng kuthå kang jêjulúk Kuthå Bêngawan iki. Dhèwèké wiwit uríp mandhiri kanggo mbiyantu wóng tuwané kang wús nyêkolahaké nganti SMA.
Sênajan múng dadi burúh íng sawijining pabrik tèkstil lan gaji ora akèh, nangíng Sawitri duwé pangajab gêdhé arêp njunjúng drajaté wóng tuwå lan mbiyantu biaya sêkolah adhi-adhiné.
Uríp dhèwèkan níng kuthå lan adóh såkå kulåwargå pancèn gawé atiné Sawitri kêrêp ngêlangut lan sêpi.
Sênajan akèh kåncå, nangíng múng winatês kåncå nyambútgawé utåwå kåncå sapanggónan kós.
Ora ånå síng cêdhak bangêt.
Nangíng sasuwéné têpúng Yantó, dhèwèké dadhi ora kêsêpèn manèh.
Sawitri ngrasakaké donyå kang diadhêpi katón éndah lan sumringah. Dhèwèké wiwít njalín kakancan cêdhak kalawan Yantó.

Cerkak Bahasa Jawa ( Lêmah )

M
bók Atmó nêmbé lungguhan ånå kúrsi èmpèran omahé, katóné rådå ngantúk, dadi olèhé liyêr-liyêr katón kêpénak bangêt, åpåmanèh karo ngrungókaké giyaran klênèngan såkå radio.
Mbók Atmó kuwi yúswané udåkårå sangang pulúh tahún.
Nangíng wóngé isíh waras, lan pikiré isíh lantíp.
Wís duwé canggah loro, putuné patlikúr, anaké ênêm síng wís mati loro. Kabèh anaké wís mapan uripé.
Pêkarangan síng saiki diênggóni dadi siji karo anaké ragíl wadon. Jênêngé Yani. Yani iki síng ngopèni Mbók Atmó.
Anak-anak liyané ånå kuthå kabèh.
Sawijiníng dinå Mbók Atmó rådå sêkêl pênggalihé. Jalarané wít jati síng ånå pèrèng pêkarangané ditêgór tanggané.
Tanggané mau jênêngé Karsó. Nalikå Mbók Atmó nggênahaké kêpriyé karêpé kók kayu jati mau ditêgór, wangsulané Pak Karsó ora gênah, jaré lêmah kuwi mlórót mudhún, lan wít jati síng ditêgór kuwi dadi duwèké. Mbók Atmó ora nêrusaké pitakóné, dhèwèké múng ngêlús dhådhå karo unjal ambêgan landhúng, banjúr mlaku mulíh alón-alón, awít pancèn wís ora biså dirêmbúg manèh, Mbók Atmó múng trimå ngalah.
Têkan ngomah Mbók Atmó ngudåråså, mbókmênåwå bênêr prêkårå lêmah kuwi biså dadi målå lan yèn ora ngati-ati bakal dadi drêdah síng ora kênå dianggêp ènthèng.
Mulané Mbók Atmó múng tansah ngalah lan pasrah marang Gústi Allah Síng Gawé Uríp.
Mbók Atmó isíh duwé kaprêcayan marang paribasan såpå salah sèlèh. Mula dhèwèké ugå banjúr mupús sakabèhé.

Cerkak Bahasa Jawa ( Diwayuh )

S
ênthóng papan anggóné turu katón rêsik, kordhèn jêndélå wêrnå jambón ditambah kêmbang mêlati sing disêbar sakdhuwuré sprèi nyêbar gåndå kang arúm ngrêsêpaké ati.
Ing pójókan sênthóng diwènèhi vas kêmbang arúm ndalu sing gandané ngambar-ambar, lampu bolam limang watt nambahi swasånå romantis.
Anggóné nunggu rawuhé Mas Brótó kanthi tênanan, kabèh tinåtå kanthi pêrmati åjå nganti nguciwani, ugå anggóné ngudi sarirå tansah pêrmati. Adús kanthi sabún wangi, ugå sabún sing ngandhúng surúh kanggo ngósóki pérangan awak sing wadi, ora lali jamu sari rapêt.
Ah, åpå yå wêngi iki múng liwat kanthi músprå?
Mêngkånå panggrêsahé Wêningati.
Wis udåkårå têlúng Minggu iki Mas Brótó ora naté kondúr, sanajan tiba gilirané kudu kondúr ning omahé Wêningati, Mas Brótó mêsti blénjani janji, kuduné têlúng dinå ånå omahé Dhik Múrti lan têlúng dinå ånå kéné, bab sisa wêktu sêdinå sumarah Mas Brótó sing arêp kondúr.
Nanging nyatané? Ånå waé alêsané, sing putrané lagi lårå, utåwå wêngi iku kêntèkan kêndaraan kêpêkså mulih mênyang omahé Dhik Múrti garwané anyar.
Ah, yå kåyå mêngkéné nasibé dadi mbók tuwå kåyå wis ora dikanggókaké manèh.
Sanajan rupaku iki ora kalah ayu yèn ditandhingké karo Dhik Múrti, nanging kêpriyé manèh aku ngrumangsani yèn dadi wóng wadón ora bisa mènèhi kêturunan.
Sakliyané kuwi Dhik Múrti pancèn isih luwih ênóm, lagi ngancik pitulikur tahún.
Kagungan putrå kang solèh apa solèkah wis dadi kêpinginanku lan Mas Brótó wiwit isih pacaran.
"Súk yèn diparingi mómóngan Dhik Wêning kêpingin lanang åpå wadón yå?" pangucapé Mas Brótó nalika isih têmantèn anyar.

Senin

Cerkak Bahasa Jawa ( Jangan Tumpang )

S
rêngéngéné pas ånå ndhuwúr sirah, kurang luwih jam 12.00, hawané panas ora mêkakat kåyå-kåyå yèn dituruti arêp ngombé ngêntékaké banyu sak kêndhi. Mak brabat Pak Sardi mlaku tumuju pawón arêp ngombé lan mangan awan.
Ènèng méja wís sumadiyå unjukan lan dhêdhaharan kang dicawisaké déníng Sumiyêm abdiné. Anggóné Pak Sardi mangan wayah awan iki katón níkmat lan sêgêr bangêt. Yå, nêmbé wêktu-wêktu saiki anggóné mangan ngrasakaké énak.
Pancèn Yu Sumi abdiné kang wis mèlu sapungkuré ibuné bocah-bocah kondúr nèng pangayunaning Pangéran iki wóng wadón kang pintêr olah-olah. Sakabèhíng mangsakan kråså énak lan sêdhêp. Sanajan múng wujudé jangan asêm níng rasané níkmat lan sêgêré ora karuwan kåyå-kåyå arêp ngêntèké sêgå sak cêthíng, åpå manèh yèn mangsak jangan tumpang wah,...rasané pas bangét, sêdhêp mantêp. Ora pati pêdhês, níng rådå asín sithík.
Cêkak aós Yu Sumi prigêl babagan mangsak. Bab iki Pak Sardi lan pårå putrané kabèh ngakóni, malah sak wènèhíng dinå anaké Pak Sardi kang aran Parwati wis naté pitakón "Åpå Yu Sumi dhisik wis naté kúrsús masak?" Yu Sumi ora awèh wangsulan síng gumathók malah múng ngguyu. Yu Sumi, mêngkono kabèh kéluargané Pak Sardi nyêlúk. Sanajan múng jêjêré réwang, nangíng rupané ayu, pawakané sêmók túr pakulitané kuning rêsík.

Cerkak Bahasa Jawa ( Wadi )

M
as Pramónó, têkaku íng rumah sakít iki, mêsthiné panjênêngan pírså dhéwé, mênåwå iki dudu karêpku, nangíng kahanan síng mêkså aku kudu kêtêmu panjênêngan íng papan iki.
Aku njalúk pangapurå mênåwå têkaku ing rumah sakít iki bakal nggugah critå lawas síng ndadèkaké ati panjênêngan gorèh. Kênå åpå panjênêngan kåyå nduwèni råså isín nalikå sapêngarêp karo aku, kamångkå yèn dak råså panjênêngan saiki kåyå déné kêbak dåyå sêmangat síng makantar-kantar, trêngginas sajroníng makaryå lêladi paríng usådå íng rumah sakít iki.
Mas Pramónó, panjênêngan isíh katón gagah, grapyak sêmanak, humorís lan isíh prasåjå kåyå mbiyèn. Múng bédané, saiki luwih kopèn malah manút panyawangku yèn nganggo sêragam kêrjané tambah mêrbawani. Nangíng sêpisan manèh, ngåpå panjênêngan kåyå duwé råså mindhêr yèn ånå ngarêpku? Coba dêlêngên Mas Pramónó, nganti sêpréné aku isíh lêgan, mbók mênåwå panjênêngan kêbak pitakónan, såpå sêjatiné priyå síng dak êntèni. Ora ånå priyå síng dak êntèni Mas, panjênêngan lupút pangirå mên$C3�wå aku pilíh-pilíh marang priyå.

Minggu

Cerkak Bahasa Jawa ( Kajirêt Alang Alang )

D
aksêkarêp angên-angên iki nlasak bêbóndhótan lêlakón síng kawuri. Dakjar sakabèhé kabukak manèh íng alam wêwayangan. Dakujå råså iki têtêgaran ngoyak marang rêrangkèn kêdadéyan síng wís mungkúr.
Kêdadéyan síng pêpak klawan mêndhak mêndhukulé kahanan. Såpå manèh yèn dudu uríp síng ajêg sêsandhingan klawan Rêtno. Ya Rêtno.
Wanitå siji kuwi pancèn síng ajêg ngisi lêmbar uripku. Wanitå síng tansah biså gawé ramé rikålå samún. Gawé bêníng rikålå bukêt, gawé padhang rikålå pêtêng. Nangíng nadyan mangkono wiwít saiki aku kêpéngín nglalèkaké íng siså-siså urípku. Awít aku ora kêpéngín lêlakón urípku ing salawasé kacêncang klawan dhèwèké. Wiwít iki aku kêpéngín mardikå. Uríp síng roså ngadhêpi êmbúh kåyå ngåpå wujudíng panguripan. Wiwít iki aku kudu nglênggånå yèn Rêtno mokal bisa dakdarbèki sawutuhé. Umpåmå kêmbang dhèwèké kang thukúl íng pinggír dalan, nadyan éndah ora ånå sijiå kang hak darbèni sawutuhé. Såpå waé biså mêthík. Såpå waé bisa nikmati ganda arúm wanginé.
Nangíng... têtélå ora gampang. Sêlót suwé aku ngadóh sêlót ngêlak råså iki kêpéngín bali kåyå síng wís naté karoncé dukíng uni.
Rikålå gagat rinå, wayahé bún isíh nêlêsi pasukêtan. Nalikå manúk-manúk sriti kêkitêran ing sêla-sêlané gódhóng príng síng isíh antêng íng pójók déså iki. Nalikå aku isíh têtêp lunggúh têkan ésúk iki ing pójók kampúng. Jalaran íng têngah wêngi mau aku têtêp kaosík déníng wêwayangané wanitå siji kuwi. Ing tlapukanku datan biså ngipataké anané wêwayangané, såkå pakulitané kuníng, kanthi mripat bêníng, rambút dåwå, èsêm paít madu lan andhêng-andhêng cilík-ing sisíh kiwå irúng kang bangír. Ati iki kêpagút wêwayangan wanitå sing patang taúnan iki tansah nyiram tlatah cêngkar ati iki.

Cerkak Bahasa Jawa ( Kadhúng Klêbús )

P
irang-pirang dinå iki langité suntrút. Wiwít ésúk nganti soré praéné kaya kalurúp pêtêng bêngi. Mênåwå tå udan blêbah. Móngsók mångså kêtiga ésúk-ésúk udan. Rak yå ora pantês. Malah sók ånå unèn-unèn mêndhúng ésúk kêtigå dåwå. Srêngéngé waé múng nginjên saklèlètan. Gèk hawané njêkút sisan. Åpå yå ora marakaké ati dadi ngêkês.
Kabèh wóng pådhå têmandang ngåpå tå ngåpå. Síng mênyang sawah yå mênyang sawah. Ora kétang ngubêngi galêngan thók. Banjúr lunggúh dhêlêg-dhêlêg. Síng mênyang wadhúk yå mênyang wadhúk. Najan uga múng mêgóg-mêgóg ånå mbranjang. Jalaran kêgåwå håwå síng angêt banyu gênthóng. Sêmono ugå síng mênyang sêkolahan. Guru-guru sêkolah iku múng pådhå nyêkukruk. Udad-udúd linthingan gawéyan.
Bédå manèh si Usúp. Amargå olèhé dódólan mênyang warúng ugå ramé wóng nggódhóg wédang, warúng banjúr ditutúp krêkêp. Ditinggal bali ngomah, banjúr thêngór-thêngór nyawang ingón-ingóné síng thêngór-thêngór nyawang Usúp. Adaté såkå warúng digawakaké rambanan kalanjånå. Nangíng iki blas ora digawakaké åpå-åpå. Gêdhèn-gêdhèn kalanjånå, gódhóng mlandíng sakcoklèkan íng pinggír dhalan waé babar pisan ora.

Cerkak Bahasa Jawa ( Parkir )

PARKIR


A
ngkringan dhuweke Paimin pancen rame. Saben-saben sing teka mrana nggawa motor utawa mobil. Tekane padha rombongan. Sing padha nggawa motor apa mobil olehe parkir rapi. Mobil ana sisih lor, ana ing dalan sing mujur ngetan ngulon. Sepeda motor neng sisih kidul ana ing dalan sing mujur ngalor ngidul. Paimin olehe dodolan kuwi ana ing protelon, pojok omah. Ora neng njeron latar. Neng njaban pager pinggir dalan. Sing padha tuku wae olehe lesehan ana ing njeron latar. Sing alus, luwih penak tenimbang lesehan ana ing pinggir dalan. Paimin wis nembung papan sing dienggo lesehan kuwi marang sing nduwe. Latar kuwi wong wis dikonblok, ora sumelang gemrenjel nglungguhi watu. Digelari klasa amba-amba dening Paimin, sapa wae sing tuku oleh milih papan sakarepe, ngendi sing sela.
Dalan sing dienggo dodolan Paimin kuwi dudu dalan aspalan, dalan mlebu kampung. Mung dalan kono kerep dienggo leliwatan mobil lan motor sing nyingkiri lampu abang nang ndalan gedhe. Papane Paimin sing saiki kuwi pancen cedhak karo prapatan. Cedhak karo dalan kutha kang rame. Saking ramene kerep menawa nunggu lampu ijo, urutan paling mburi, menawa tekan ngarep lampune wis abang maneh. Sopir kudu nunggu lampune bali ijo. Sopir sing wis ngerti ana dalan liya sing kena dienggo liwat, yaiku dalan nang ngendi anggone Paimin dodolan iku mau, akhire seneng liwat kono. Sanajan dalan kampung lan urung aspalan nanging dalan kono kuwi mau jembar. Menawa ana sepeda motor sing parkir, isih longgar dienggo leliwatan. Mbuh kuwi sing liwat mobil utawa motor.

Cerkak SEPISAN LAN PUNGKASAN

W
ektu kuwi aku lagi muggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.

Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.

Sabtu

Cerkak Bahasa Jawa ( Sri Partinah, prawan såkå Bantúl )

S
warané sêpédha mótór pak pós såyå suwé såyå cêtha. Dhèwèké mandhêg ånå ngarêp omahku sak pêrlu ngêtêraké layang såkå Dhík Sri ing Bantúl, wís kênå dijagakaké, mèh sêtêngah sasi sêpisan layang såkå Bantúl têkan omahku, sêmono ugå sêtêngah sasi sêpisan layangku têkå ing omahé Dhík Sri.
Antarané aku lan Dhík Sri íng Bantúl wís suwé anggóné sêsambungan kêkancan, malah íng wêktu saiki sêsambungan mau dadi sêsambungané antarané wóng wadón lan wóng lanang síng nêmbé pacaran, ya múng amargå jarak antarané Sålå lan Bantúl mbutúhaké wêktu sêtugêl dinå mênawa arêp kêtêmu, mulå ya múng liwat layang aku lan dhèwèké pådhå ndhudhah råså síh katrêsnan.
Sêpédha onthèl tahún 70 dadi pawitanku, mangkat lan mulíh sêkolah bêbarêngan goncèngan pit èlèk iki.
Ah..., saumpamané zaman biyèn aku wis duwé sêpédha mótór utawa HP mbók mênåwå critané bédå. Lulús såkå pamulangan SMA aku lan Dhík Sri pisah, aku nyambút gawé dadi pêgawai Pêmêrintah, sanajan isíh dadi tênaga hónórèr lan Dhík Sri bali mênyang Bantúl sak prêlu mulíh lan golèk panggawéan. Nalikå ing Sålå dhèwèké ndèrèk Pakdhéné sak prêlu sékolah.
Dhík Sri, mêngkono aku nyêbut jênêngé, asmané kang komplét Sri Partinah, kanggo ukuran zaman sêmånå åpå manèh zaman saiki jênêng mau katóné ndésani lan ora madólké, nangíng såpå ngira yèn síng duwé jênêng mau pawóngané ayu. Pakulitané kuning rêsik, dêdêg piyadêgé sêdhêng, nétrané bundêr irêng katón kåyå ngétókaké sunar, rikmané irêng kêtêl tur dåwå nganti sak ngisoré bókóng. Pókóké ora kalah ayu yèn ditandhíngké karo Inul Daratista pênyanyi ndhangdhut síng wís kawêntar yèn nyanyi gawéné ngobahaké pérangané awak, ya adóh. Dhík Sri sakdhuwuré pênyanyi mau. Mbók mênåwå lagi sêjajar mênåwå ditandhingaké bintang sinêtrón Marisa Haque utawa Soraya Haque, ugå sêjajar mênawa ditandhíngaké Ayu Azahrí utawa Sarah Azhari. Ugå sêjajar mênåwå ditandhíngaké karo Kharisma Kapór utawa Karina Kapór bintang film saka India. Wah,... jan ayu tênan.

Cerkak Bahasa Jawa ( Booking )

 BOOKING

“Makne.”
“Makne.”
“Piye tha, Makne, nek diceluk semaur ya ngapa,” Paimin sajak mangkel bojone diceluk ora semaur-semaur.
“Aku ngantuk Pakne, arep turu. Sesuk esuk kudu blanja. Iki wis wengi. Sesuk aku tangine kudu mruput, menawa ora mruput menyang pasar, sesuk nang pasar uyel-uyelan. Aku emoh. Mending aku rada nunggu bakule tenimbang aku uyel-uyelan nyasaki uwong akeh mung arep njupuk cakar. Kuwi wae aku wis pesen cakar olehku tuku diwadahke sisan. Blanjan liyane paling neng nggone bu Gendut rampung. Weh, mau ana apa celuk-celuk?”
“Jare ngantuk, omongane sak trek metu kabeh.”
“Iya, ana apa. Lha wong ya wis arep turu ngene.”
“Suk senen angkringane dhewe arep dibooking.”
“Apa. Dodol kuping. Kuping apa kuwi. Dumeh dodol cakar payu, saiki terus arep nganeh-nganehi, arep dodol kuping. Mengko sing tuku ya sapa.”
“Kupingmu kuwi! Ngene lho….” Paimin banjur cerita.
“Mau, nalika aku sowan nang ndaleme pak Pembantu Dekan Universitas Negri kanggo nakokake wit jarak latar kae oleh dipapras apa ora, pak Pembantu Dekan paring kabar. ora, dudu kabar, nawani aku.”
Bab pak Pembantu Dekan kuwi, Inah ngerti, wong kedadean apa wae kang dilakoni karo Paimin wis diceritakake kabeh marang Inah. Saking kabehe, Inah mangkel mangkel ngguyu nalika Paimin cerita bab cita-citane kudu omah nang kutha, ora gelem omah nang ndesa, mulane kudu oleh bojo wong kutha. Pak Pembantu Dekan kuwi, Inah uga kenal, nalika dina ijabe karo Paimin, Pak pembantu dekan kuwi uga rawuh. Bapake grapyak. Ngendikane ceplas-ceplos apa anane. Ewa semana nganti tekan saiki Paimin karo Inah ora ngerti sapa janjane asmane Pak Pembantu Dekan kuwi. Malah anake sing ngerteni. Pak Pembantu Dekan kuwi, arepa saiki wis arang njagong nang angkringane Paimin, menawa ana gawe apa wae sing mbutuhake Paimin, mesti Paimin diceluk, didhawuhi ngrewangi. Paimin mesti mangkate. Ora bakal nolak marang apa karepe pak Pembantu Dekan kuwi.

Cerkak Bahasa Jawa ( Nunut )

NUNUT


“Mas, sampeyan bakul angkringan, griyane gedhe ngoten, sampeyan gadhah perusahaan napa, Mas?”
Paimin kaget disapa ngono karo pawongan sing jajan nang angkringane. Paimin eling tenan pawongan iki durung suwe pendhak wengi jajan nang angkringane. Paimin kelingan wae, wong lungguhe ya nang kursi angkringane. Ora lesehan kaya liya-liyane. Paimin kelingan, wong jajane ya ora akeh. Paling sega wungkus thok. Menawa ora loro ya telu. Sajake wong proyek sing lagi ora duwe dhuwit.
“Wah, sampeyan niku, Mas, bakul angkringan kaya aku, ngedi ana dhuwe omah samono gedhene. Apik sisan.”
“Lha sampeyan rak nggih omah ten mriku. Wong niku, anake sampeyan olehe njupuki piring nggih mlebu omah niku kok. Napa niku nggih omahe wong liya, sampeyan nggih blunas blunus kaya neng omahe dhewe ngoten kok.”
“Ora mas, kuwi dudu omahku, aku mung kon nunggu.”
“Nunggu, tukang kebon maksude. Kok oleh bebakulan. Mengko menawa lagi dibutuhake terus lagi bakulan, banjur priye,” pitakone pawongan kuwi mau, sajak bingung.
Paimin sing dasare seneng ngomong, langsung wae crita.
“Kuwi dudu omahku kok mas, aku mung turu nang kono, kabeh keluargaku oleh mapan nang kono. Kuwi ya ana sejarahe mas, kok aku nganti bisa mapan nang kono kuwi,” omongane Paimin mbagusi.
Paimin ndisik pancen ora mapan nang ngomah kono. Sepisanan bakul angkringan ora nang kono. Dheweke ndisik mapan nang pinggir ndalan. Cedhak Universitas Negri. Nyadong rejeki saka mahasiswa apa tukang parkir sing seneng jajan nang angkringan. Janjane sing seneng jajan ora mung mahasiswa. Kabeh-kabeh pawongan sing neng Universitas Negri kuwi mau, mbuh dosen, mbuh karyawan, ana wae sing seneng pesen wedhang saka angkringane menawa lagi lembur. Awan-awan wae kadhangan ya pesen. Malah kadhang njaluk tambah tahu, apa tempe dinggo kanca wedhangan.
Pak Pembantu Dekan wae, seneng njagong nang angkringane, ngajaki cerita neka-neka. Paimin ya kenal. Omahe ngendi, sambine apa wae, Paimin dicritani karo Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Kadang menawa ana mahasiswane sing arep ketemu, pingin bimbingan apa ngaturake tugase, karo Pembantu Dekan kuwi diajak ketemu nang angkringane Paimin. Menawa sing diajaki ketemonan kancane Pak Pembantu Dekan sing bareng-bareng anggone golek kerja samben, terus dum-duman hasile, Paimin uga mesti ketemplokan rejeki. Ana wae sing dibayari mangan lan ngombene karo Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Sanajan sambene kuwi mung nulis, embuh nulis apa Paimin ora ngerti, nanging jare dhuwite keno dienggo seneng-seneng. Kena dienggo mbayari kanca-kanca apa mahisiswane sing lagi ora dhuwe dhuwit.
Paimin seneng bakulan nang kono, seneng sing tuku wong pinter-pinter. Arepo ora saben-saben jajan ngajaki Paimin cerita, nanging Paimin bisa ngrungokake. Sinambi ngladeni sinambi ngrugokake. Paimin nyinau apa wae sing diomongake karo sing padha jajan kuwi mau. Sanajan ora kabeh omongan bisa dipahami Paimin, nanging Paimin krasa menawa kawruhe sansaya tambah.

Jumat

Cerkak Bahasa Jawa ( Pinaringan )

E
súk kuwi aku nyoba manèh nggolèki Mas Danang, nangíng ora kêtêmu. Kanca-kancané ora ånå síng ngêrti. Nalikå aku bali nyang omahé, Múrni wis ngêntèni. Bingúng nggónku arêp wangsulan, amargå aku wís janji yèn arêp nggolèki sak kêtêmuné nangíng nyatané ora nêmu asil åpå-åpå.
"Wís Mas, aku wís ngêrti yèn Mas Danang pancèn wís êmóh mulíh," kandhané Múrni karo mapan lunggúh ånå têras ngomah.
Aku mèlu-mèlu lunggúh ånå ngarêpé. Tanpå tak kandhani dhèwèké wís ngêrti wangsulané. Atiku trênyúh nyawang praupané síng aclum tanpå sunar. Åpå síng kudu tak tindakaké manèh kanggo mitulungi Múrni såkå anggóné susah pikiré?
Aku isíh kèlingan, limang tahún kêpungkúr, nalikå aku isíh cêdhak karo Múrni, Danang kancané kuliah, kanthi tanpå tak kira sak durungé, jêbúl biså ngrêbút Murni såkå aku. Pancèn, antarané aku lan Murni durúng tau ånå prajanjèn åpå-åpå, durúng tau ånå rêmbúg trêsnå, nangíng anggónku sabên dinå runtang-runtung, ngêtêraké kuliah lan mêthuk, kålå-kålå nóntón barêng, mangan ånå rèstóran barêng, åpå ora anèh yèn diarani ora ånå apa-apané? Nyatané jêbulé Murni múng nganggêp aku kåncå, utawa sêdulúr tuwå. Aku kagèt nalikå sak wijiníng dinå Múrni nyêdhaki aku, polatané sumringah katón yèn lagi bungah atiné.

Cerkak Bahasa Jawa ( Pak Guru )

P
arjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún. Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
"Sês, Pak Guru!?" Nardi nawani rókók.
"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Parjó karo ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
"Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé...! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."

Cerkak Bahasa Jawa ( Panglaris )

Panglaris



“Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”
Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.
“Masak piyambak, Pak.”
“Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”
“Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”
“Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula, Paimin, Pak.”
“Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.
Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.

Kamis

Cerkak Bahasa Jawa ( Mundhak )

Mundhak


M
as Proyek, sampeyan wingi, ngulungke dhuwit, banjur bablas mlayu wae. Nika kurang sampeyan mbayare.” Uwong sing sajake lagi proyek lan dina-dina iki pendhak wengi jajan nang angkringane Paimin jebul teka maneh bengi kuwi. Lingguhe isih tetep nang kursi biasane. Dadi nalika teka Paimin bisa langsung nyapa. Paimin apal, kelingan wae.
Disapa mas Proyek, pawongan kuwi ora protes, wong dheweke pancen lagi kerja nang proyek tenan. Rumangsa kenal karo tukang angkringan. Ewa semana dheweke uga wangsulan.
“Wah, sampeyan mbok mboten gawe-gawe. Biasane regane nggih samonten. Kula bola-bali jajan mriki nggih sampeyan protese namung sakniki. Wingi-wingi sampeyan mendhel mawon. Niku rak berarti sampeyan gawe-gawe. Kula mbayare nggih sami.” Pawongan kuwi mau sajak ora trima diomongi menawa olehe mbayar wingi kurang.

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel