Latest SOAL :

Selasa

Cerkak Bahasa Jawa ( Lêmah )

M
bók Atmó nêmbé lungguhan ånå kúrsi èmpèran omahé, katóné rådå ngantúk, dadi olèhé liyêr-liyêr katón kêpénak bangêt, åpåmanèh karo ngrungókaké giyaran klênèngan såkå radio.
Mbók Atmó kuwi yúswané udåkårå sangang pulúh tahún.
Nangíng wóngé isíh waras, lan pikiré isíh lantíp.
Wís duwé canggah loro, putuné patlikúr, anaké ênêm síng wís mati loro. Kabèh anaké wís mapan uripé.
Pêkarangan síng saiki diênggóni dadi siji karo anaké ragíl wadon. Jênêngé Yani. Yani iki síng ngopèni Mbók Atmó.
Anak-anak liyané ånå kuthå kabèh.
Sawijiníng dinå Mbók Atmó rådå sêkêl pênggalihé. Jalarané wít jati síng ånå pèrèng pêkarangané ditêgór tanggané.
Tanggané mau jênêngé Karsó. Nalikå Mbók Atmó nggênahaké kêpriyé karêpé kók kayu jati mau ditêgór, wangsulané Pak Karsó ora gênah, jaré lêmah kuwi mlórót mudhún, lan wít jati síng ditêgór kuwi dadi duwèké. Mbók Atmó ora nêrusaké pitakóné, dhèwèké múng ngêlús dhådhå karo unjal ambêgan landhúng, banjúr mlaku mulíh alón-alón, awít pancèn wís ora biså dirêmbúg manèh, Mbók Atmó múng trimå ngalah.
Têkan ngomah Mbók Atmó ngudåråså, mbókmênåwå bênêr prêkårå lêmah kuwi biså dadi målå lan yèn ora ngati-ati bakal dadi drêdah síng ora kênå dianggêp ènthèng.
Mulané Mbók Atmó múng tansah ngalah lan pasrah marang Gústi Allah Síng Gawé Uríp.
Mbók Atmó isíh duwé kaprêcayan marang paribasan såpå salah sèlèh. Mula dhèwèké ugå banjúr mupús sakabèhé.

Udåkårå limang sasi sabanjuré, ånå kêdadéyan manèh síng gawé sêkêl pênggalihé Mbók Atmó. Critané, Mbók Atmó kuwi uga duwé lêmah patêgalan.
Nalika lêmah patêgalan duwèké tanggané síng pênêré íng sisíh kiwå têgalé Mbók Atmó diukúr déníng BPN jaré kanggo ngurús sèrtipikat, Mbók Atmó ora dikabari, lan ngêrti-ngêrti lêmahé wis diirís karo têngah mètêr síng dawané udåkårå satús mètêr.
Mbók Atmó síng pancèn ora ngêrti tulís kuwi iya múng mênêng waé.
Ora múng cukúp kuwi waé, nalikå kabèh wís rampúng, kayu jati síng ånå tapêl watês patêgalan ugå ditêgór déníng tanggané mau, jaré arêp kanggo gawé omah anaké lanang.
Tanggané mau síng jênêngé Pak Sukat pancèn wóngé ngèyèl lan nggugu karêpé dhéwé.
Nalikå Mbók Atmó krungu kabèh kuwi banjúr kåndhå karo mantuné yèn kayu jati síng ånå tapêl watês têgal ditêgór Pak Sukat.
Mantuné Mbók Atmó síng jênêngé Pak Rótó waringutên, dhèwèké banjúr gawé surat katrangan kélangan.
"Kurang ajar wóng-wóng iki, awaké dhéwé iki wís têrus-têrusan ngalah, Mbók.
Iki ora kêna ditókaké ngono waé. suwé-suwé kók malah arêp ngidak-idak cêngêl!"
"Sarèh dhisík, nggèr.
Coba dipikír dhisík, åjå nganti múng amargå lêmah lan kayu sacuwíl njalari pasêduluran dadi bubrah,
" Mbók Atmó isíh katón sarèh, sanadyan atiné sêkêl.
Pak Rótó banjúr ngudåråså yèn kabèh iki ditêrusaké mêsthi bakal ånå drêdah, lan kuwi dudu síng dikarêpaké.
Mulané Pak Rótó ugå banjúr kåndhå karo Mbók Atmó mênåwå kabèh dililakaké waé.
Mbók Atmó sarujúk lan banjúr ndongå ndrêmimil,êmbúh åpå dongané. Sawisé ndongå, Mbók Atmó banjúr unjal napas landhúng, pasuryané katón têntrêm. Èsêm sumringah ngrênggani pasúryan tuwå kuwi.
Mbók Atmó duwé karêp kêpéngín ngêdúm lêmah pêkarangan lan lêmah têgal marang anak-anaké.
Lêmah pêkarangan diêdúm loro, sisíh lór bagéyané Sugêng anaké mbarêp Mbók Atmó, déné sisíh kidúl bagéyané Yani anaké wadón síng ragíl. Lêmah patêgalan diêdúm têlu.
Lêmah patêgalan síng sèwu mètêr pêrsagi diwènèhaké Mbók Tuki síng biyèn naté diopèni Mbók Atmó lan wís dianggêp kåyå anaké dhéwé. Turahané diêdúm loro, yakuwi bagéyané Jatmó karo Timúk.
Sawisé kabèh dijlèntrèhaké marang anak-anaké lan kabèh wís sarujúk, Mbók Atmó katón têntrêm pangrasané.
Nangíng kuwi múng sêdhélå, lha piyé?
Nalikå Mbók Tuki dikandhani yèn diwènèhi lêmah têgal déníng Mbók Atmó, Mbók Tuki sanalikå banjúr kóngkón wóng babat alas, prasasat kabèh kayu íng têgal síng diwènèhaké marang Mbók Tuki dibabat êntèk. Kamångkå durúng gênah lêmah sisíh ngêndi síng bakal diwènèhaké marang dhèwèké.
Upåmå lakón wayang ngono mbók mênåwå kåyå Babat Alas Wånå Martå ngono kaé.
Nalikå krungu kabèh kuwi Mbók Atmó múng bisa mbrêbês mili, sêdhih, síng diråså wís ora bisa diampêt.
Waspå síng tumiba bangêt nrênyúhaké.
Mbók Atmó ngudåråså généyå aku lan anak-anakku kók múng tansah diidak-idak déníng liyan.
Kahanané Mbók Atmó dadi sangsåyå ringkíh.
Pungkasané dhèwèké lårå, lan nganti diopnamê barang.
Nangíng sêpulúh dinå sabanjuré dhèwèké bali waras manèh.
Lan nganti saiki isíh katón sêgêr sanadyan yúswané wís lungsé. Anak-anak lan putu-putuné tansah biså nglipúr.
Soré katón éndah, Mbók Atmó lungguhan ana èmpèran omahé, atiné katón sansåyå têntrêm.
Katóné wís siyågå ngadhêpi uríp síng kêpriyé waé.
"Arêp mênyang êndi, Tholé. Kók wís katón mlithit?" pitakoné marang aku, nalikå aku liwat ngarêp omahé.
"Ajêng latihan karawitan dhatêng Wónógiri, Mbah," wangsulanku cêkak.
Mugi panjênêngan tansah pikantúk kanugrahan íng gêsang punikå lan kanugrahan íngkang langgêng, Mbah. Ngono kuwi dongaku.



Sumber

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel