Latest SOAL :

Selasa

Cerkak Bahasa Jawa ( Dhúh Gústi )

S
abên wayah ésúk, nalikå arêp mangkat nyambútgawé, Sawitri kêrêp kêtêmu cah lanang ênóm iku.
Pådhå-pådhå mlaku nuju dalan gêdhé. Banjúr ngadêg nèng pinggír dalan nyêgat bís.
Jalaran såkå pakulinan iku dhèwèké dadi têpúng karo cah lanang ênóm iku.
Asmané Mardiyantó, kêrêp dicêlúk Yantó.
Asalé såkå déså íng sawijiníng tlatah Kabupatèn Wónógiri.
Dhèwèké ngaku isíh lêgan lan nyambútgawéné ånå pêrusahaan asuransi. Anèng kuthå iki dhèwèké ngêkós.
Papan kósé ora adóh såkå omah kang dikósi Sawitri.
Durúng ånå sêtaún Sawitri manggón íng kuthå kang jêjulúk Kuthå Bêngawan iki. Dhèwèké wiwit uríp mandhiri kanggo mbiyantu wóng tuwané kang wús nyêkolahaké nganti SMA.
Sênajan múng dadi burúh íng sawijining pabrik tèkstil lan gaji ora akèh, nangíng Sawitri duwé pangajab gêdhé arêp njunjúng drajaté wóng tuwå lan mbiyantu biaya sêkolah adhi-adhiné.
Uríp dhèwèkan níng kuthå lan adóh såkå kulåwargå pancèn gawé atiné Sawitri kêrêp ngêlangut lan sêpi.
Sênajan akèh kåncå, nangíng múng winatês kåncå nyambútgawé utåwå kåncå sapanggónan kós.
Ora ånå síng cêdhak bangêt.
Nangíng sasuwéné têpúng Yantó, dhèwèké dadhi ora kêsêpèn manèh.
Sawitri ngrasakaké donyå kang diadhêpi katón éndah lan sumringah. Dhèwèké wiwít njalín kakancan cêdhak kalawan Yantó.

Sabên wayah ésúk, sinambi nunggu bís wóng saklórón pådhå jagóngan, ngóbról ngalór ngidúl.
Sawitri ora isin manèh nyritakaké bab riwayat uripé, sêmånå ugå Yantó.
Sêsambungan antarané wóng loro saya ngrêmbåkå.
Mênêng-mênêng íng sajroning atiné Sawitri tuwúh råså trêsnå marang Yantó.
Yèn sêdinå ora kêtêmu kaya saabad lawasé.
Nangíng, Sawitri ora wani blåkå yèn dhèwèké trêsnå marang Yantó. Dhèwèké múng mêndhêm pangrasané aníng ati.
Yantó dhéwé mujúdaké wóng ênóm kang antêng.
Solah tingkahé kalêm, ora kakèhan kocap lan polah.
Kapribadhèné kang ora biså dislulumi iku gawé Sawitri gojag-gajêg. Dhèwèké ora wani ndugå åpå kang ånå njêro atiné wóng lanang iku.
Åpå yå dhèwèké ugå trêsnå marang aku, batiné Sawitri mangu-mangu. Mulå Sawitri múng biså ngêntèni.
Ésúk iku Sawitri digawé kêcêlík amargå ora kêtêmu Yantó.
Wís ånå róng dinå Yantó ora katón irungé.
Dhèwèké ora naté kåndhå yèn prèi utåwå mulíh mênyang kampungé. Pangrasané Sawitri dadi ora kêpénak.
Åjå-åjå ånå kêdadéyan kang nêmahi Yantó.
Sawitri jané arêp mara nyang kós-kósané Yantó, nangíng dhèwèké isín. Mêngko pandakwané tånggå têparo mundhak rênå-rênå.
Nangíng Sawitri yå ora biså jênak múng mênêng waé.
Mulå, dinå iku dhèwèké ngêlêngaké mårå mênyang kós-kósané Yantó. Jêbúl kahanané Yantó mêlas tênan.
Dhèwèké nggléthak ånå paturón, nandhang lårå. Émané, ora ånå síng ngrumat lan ngurusi.
"Kók ora kåndhå yèn kowé lårå, Mas?" cêlathuné Sawitri rådå mangkêl marang Yantó.
"Aku múng masúk angín biyåså kok, Wit. Wís takómbèni obat. Mêngko rak mari dhéwé," saurané Yantó alón.
"Åjå digawé ènthèng, Mas. Yèn mêngko kêladúk dadi nêmên kêpiyé? Ayo, taktêrké mênyang dhóktêr!"
"Ora usah, Wit! Aku wêgah gawé répót!"
"Wís tå! Åjå ngèyèl!"
Gandhèng dipêkså-pêkså, bacuté Yantó gêlêm dijak príksan nyang dhóktêr.
Jêbúl Yantó nêmahi gêjala tipês. Bêjå, dhèwèké agé digåwå nyang dhóktêr.
Dinå-dinå sabanjuré Sawitri kêrêp niliki Yantó.
Ésúk sadurungé mangkat nyambútgawé, lan soré nalikå mulíh såkå gawéyan.
Dhèwèké kang ngrumat lan ngurusi Yantó kayadéné sustêr.
Dhèwèké ugå masakaké panganan, ngumbahi sandhangan, lan ngrêsiki kamaré Yantó.
Tumindaké Sawitri iku gawé atiné Yantó trênyúh.
Sawitri kåyå sisihané waé!
Sasuwéné nandhang lårå, Yantó ora ngabarké kahanané marang kulawargané íng kampúng.
Nalika ditakókaké déníng Sawitri, dhèwèké alêsan yèn wêgah gawé répót kulawargané.
Kamångkå omahé wóng tuwané ora pathi adóh såkå kuthå iki.
"Åpå ora klèru, Mas, yèn kowé ora ngabari wóng tuwamu!
Mêngko yèn nganti krungu kowé nandhang lårå lan pirang-pirang dinå ora nyambútgawé, wóng tuwamu bisa dukå?" ujaré Sawitri ngélíngaké.
"Ora åpå-åpå, Wit. Wóng tuwaku ora bakal dukå!" sêmauré Yantó ènthèng.
"Tênané, Mas?"
"Wís tå, ngandêla marang aku!"
Sawitri mênêng, ora nakókaké bab iku manèh.
Pirang dina sabanjuré Yantó wís mari lan saras.
Dhèwèké wiwít biså mangkat nyambútgawé manèh.
Sawitri mèlu sênêng nyawang Yantó wís saras.
Jalaran såkå tumindhaké Sawitri kanthi ikhlas ngrumati awaké sasuwéné lårå, anèng atiné Yantó wiwít tuwúh råså trêsna marang kênyå iku. Dhèwèké biså ngrasakaké kawigatèn lan êlusan tangané Sawitri kang alús.
Dhèwèké kapilút marang kapribadèné Sawitri kang élók lan bêcík!
Mulå, tampå mangu-mangu dhèwèké nyatakaké pangrasané anèng ngarêpé Sawitri.
Kanthi blåkå dhèwèké kåndhå yèn síh trêsnå marang Sawitri.
Krungu pangakóné Yantó, rainé Sawitri dadi sêmu abang.
Atiné bungah lan ora bisa digambaraké wêrnané.
Síng gênah kêbak kaéndahan!
Ya momên iki kang diêntèn-êntèni Sawitri.
Tanpå mikír dåwå manèh dhèwèké nåmpå katrêsnané Yantó.
Sabanjuré wóng saklórón ngikraraké janji arêp uríp bêbrayan nganti salawasé.
***
Dinå iku Sawitri tilík kaluwargané íng déså.
Ana ngarêpé wóng tuwané Sawitri blåkå yèn wís duwé pacar.
Wóng tuwané mèlu sênêng krungu wartå iku lan kêpéngín ditêmókaké karo calón mantuné.
Malahan wóng tuwané njalúk sêsambhungané Sawitri kalawan pacaré agé dirêsmèkaké.
Nangíng Sawitri ora arêp kêsusu.
Dhèwèké isíh mikiraké kulawargané dhisík!
Sasuwéné ana omah Sawitri kêpêthúk karo Daryati, kanca kênthêlé. Daryati ngabaraké yèn dhèwèké sêdhéla manèh arêp rabi.
Éntúk wóng Wónógiri. Sawitri mèlu sênêng krungu wartå såkå kancané iku.
"Lha, êndi calónmu, Ti?" pitakóné Sawitri.
"Isíh kêrja ånå Solo!" sêmauré Daryati.
"Soloné sisíh ngêndi?"
"Aku ora dhóng sisíh ngêndi, nangíng dhèwèké nyambútgawé ånå kantór asuransi!"
"Lho, kók pådhå karo pacarku. Åjå-åjå kêrjané sakantór.
Ómóng-ómóng såpå jênêngé calónmu? Såpå ngêrti mêngko nèng Solo biså kêtêmu?"
"Jênêngé Mardi!"
"Kantór asuransiné jênêngé åpå?"
"Aku lali jênêng kantóré, Wit. Mêngko waé takabari lumantar sms. Síng pêntíng aku njalúk têkamu íng acara nikahanku mêngko!"
"Insya Allah, Ti!"
Ésuké, Sawitri bali manèh mênyang Solo.
Ambyúr íng rutinitas kang sabêndinå diadhêpi.
Sêsambhungané kalawan Yantó isíh mlaku lan malah sansåyå mésra. Dinå-dinå kang kalampahi kåyå-kåyå kêbak kanugrahan lan kaéndahan!
Sawijiníng dinå Yantó pamít arêp balík nyang désané.
Sawitri arêp mèlu, péngin têtêpungan karo kulawargané Yantó, nangíng ora éntúk.
Yantó alêsan yèn durúng têtêg nggåwå Sawitri ngadhêp wóng tuwané. Dhèwèké karêp ómóng dhisík marang wóng tuwané.
Sawitri mangêrtèni. Dhèwèké ora mêkså.
Yantó pamité lunga múng arêp sêdhéla, nangíng nganti róng dinå dhèwèké durúng bali manèh.
Sawitri wiwít nggrêsah. Dhèwèké bola-bali ngêbèl ponsèlé Yantó, nangíng ora nyambúng.
Êmbúh, åpå Yantó sêngåjå matèni hp-né åpå pancèn nèng kånå ora ånå sinyal.
Kamångkå dhèwèké wís kêncan arêp ngajak Yantó nêkani mantènané Daryati!
Nalikå ngancík dinå H Yantó durúng njêdhúl.
Kanca-kancané ugå ora ånå síng mêruhi. Sawitri rådå mangkêl.
Bacuté Sawitri mangkat dhéwé.
Kåyå kang dikandhakaké Daryati, rêsèpsi nikahan kalaksanan íng sawijiníng gêdhúng kang ånå têngah kuthané.
Sawitri têk�� dhéwé tampå dikancani såpå-såpå.
Swara gamêlan ngumandhang såkå njêro gêdhúng.
Sawitri mlaku nuju njêro gêdhúng.
Swasånå wís katón ramé amargå wís akèh undhangan síng têkå.
Sawitri thingak-thinguk nggolèki blêgêré Daryati.
Dumadakan pundhaké digablók såkå mburi karo sawijiníng pawóngan. Sawitri méngo.
Jêbúl Daryati. Kancané iku katón bédhå karo padatan.
Nganggo kêbaya lan blêbêtan jarík wirón, katón ayu kåyå widadari. Sawitri agé ngrangkúl kåncå kênthêlé iku lan ngambúng pipi kiwå têngên.
"Slamêt yå, Ti! Sóri, aku múng dhèwèkan!" ujaré Sawitri.
"Yå ora åpå-åpå, sing pêntíng pangèstuné. Matúr nuwún lho, gêlêm têkå!" sêmauré Daryati bungah.
"Êndi pêngantèn lanangé?"
Daryati thingak-thinguk nggolèki calón bojoné.
Dhèwèké banjúr nyêdhaki pawóngan lanang kang lagi ngóbról karo tamu ånå sisíh mburiné.
Pawóngan lanang iku ngadêg mungkúr, Sawitri ora pati wêrúh rupané. Nangíng, nalikå tangané wóng lanang iku digèrèt Daryati lan diadhêpaké ånå ngarêpé Sawitri, dumadakan jatungé Sawitri kåyå arêp gógróg!
Pawóngan lanang iku ugå pucêt rainé lan klingah-klingih nyawang Sawitri. Kåyå malíng kêcêkêl pulisi!
"Iki lho, Wit. Calón bojoku. Têpúngaké, asmané Mardiyantó.
Cêlukané Mas Mardi!" kandané Daryati.
"Têpungaké, Mas. Iki kåncå kênthêlku, jênêngé Sawitri.
Dhèwèké ugå nyambútgawé ånå Solo!"
Sawitri lan Yantó alias Mardi múng pådhå mênêng.
Wóng loro salaman, nangíng kétók kaku.
Sawitri ngupåyå ndhêlikaké pangrasané kang gêlå ora karuan anèng ngarêpé Daryati.
Dhèwèké ora bisa suwé-suwé ngadêg ånå papan kånå.
Sawisé mènèhaké kadho, dhèwèké agé pamitan mulíh.
Dhèwèké wís ora wani nolèh manèh mênyang mburi.
Dhèwèké agé numpak bécak lan bablas mulíh.
Sadawané dalan dhèwèké ora biså ngêmpêt tangisé.
Dhèwèké ora ngirå yèn wóng lanang kan ditrêsnani jêbúl wís dadi sisihané kåncå kênthêlé.
Nangíng kan gawé atiné luwíh gêlå, Yantó wís ninggalaké aíb anèng awaké arupå wiji kang tuwúh ånå wêtêngé!
Dhúh, Gústi! Kêpiyé mêngko anggónku ngadhêpi uríp iki...?



Sumber

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel