Latest SOAL :

Selasa

Contoh Naskah Drama Bhs. Jawa ( TUKANG KORAN )

 TUKANG KORAN




Babak 1

Katon mbejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Katon resik lan rapi tenan. Andi ketok lumaku ing dalan karo adol koran. Deweke terus lumaku lan akhire ana ing ngarep e omahe Reza.



Andi : “Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...”

Reza : “Koran.... ( mlayu metu tekan omahe ) tuku korane, piro siji?”

Andi : ”Murah mas. Amung Rp3.500,-“

Reza : “Oh, ngono. Iki duwit e”

Andi: “Wah duitmu gedhe ra ana susuk e? piye iki?”

Reza : “Rapopo, Jupuken bae, sek akeh ndek njero sing koyok ngono (karo nuding duwek mau)”

Andi : “Lek pancen ngono matur suwun low yo. Oh iki loh korane” (Ngekekno koran menyang Reza)

Reza : “Yowes, ngalih kono. Ojo suwe-suwe menyang kene! mambu”

Andi : “Iyo, suwun tenan yo”

Reza : “Iyo, iyo. Ndang ngaliho kono!”




Babak 2

Katon lingkungan kang rusuh lan mambu tenan. Sampah. Andi mlaku menyang omahe kang ana ing kampong kuwi.



Andi : “Buk e,,,buk…buk…aku moleh”

Bu Siti: ( Cepet-cepet metu tekan omah lan mbukake lawang gawe Andi) “Kowe wes bali le?”

Andi : (Melbu menyang omah barengan Bu Siti) “Enggeh bu, dinten niki kulo angsal arta kang katah.”

Bu Siti: “Wah, sip tenan lek ngono. Endi duite?”

Andi: (Karo njupuk saka kesake lan njupuk dhuwit asil saka ngedol korane lan maringno menyang bu Siti) “Niki bu”

Bu Siti : “Hah, akeh tenan iki!”  (Ngetokake ekspresi kang kaget)

Andi : “Niku ingkang tumbas anaknipun wong sugih, deweke ngomong jupuken bae sisane.”

Bu Siti : “wah kok apik tenan arek iku? Wes ngomong matur suwun?.”

Andi : ”Inggih bu, deweke pancen apik. Nanging sombong tenan, mantun tumbas koran kulo langsung di usir.”

Bu Siti : “Oh ngono ya. Tibake wong sugih ing endi-endi podo bae.yo piye maneh maneh le? Wong pancen kudu sabar.”

Andi: “Pun ngomongne liyan bu.. mangke duso”

Bu Siti: “ Oh iyo, sing penting wes diweneh i satus ewu yowes gek ndang adus kono! Byuh mambu kringet”

Andi:  “Enggeh bu”



Babak 3

Andi dodolan koran kaya biasane, njajakno ing kompleks omahe Reza nanging……..



Andi: “Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...”

(Ciiiitttt..... ana mobil mandeg jegreg ing ngarepe Andi lan nyerempet deweke)

Ana wong wadon metu tekan mobill kuwi lan cepet-cepet ndeleng keadaan Andi

Bu Nikita: “ byuh rapopo ta le?”

Andi: “Mboten menapa bu”

Bu Nikita: “Nyang rumah sakit bae yo?”

Andi: “Mboten bu, kulo mboten menopo namung keseleo sekedik”

Bu Nikita: “lha kuwi, sikilmu abuh ki. Yowes ayo melbu omah”

(andi langsung dituntun bu nikita)

Bu Nikita: “Sek ojo akeh obah tak pijet e sikilmu!”

Andi: “aduh…duh…duh…duh (andi kelaran)”

(Moro-moro ana suara sikil tekan ndhuwur)

Reza: “Loh buk lapo arek iki kok iso ana ing kene?

Bu Nikita: “Hush gaoleh ngomong kaya ngono. Arek iki ing kene amarga ibu. Ibu mau nyerempet”

Reza: “Tapi iki arek mlarat bu..  gak sak level aku awak dewe!!”

Bu Nikita: “heh ibu ra tau ngajari koyo ngono!”

Andi: “Yoh aku metu!”

Bu Nikita: “Loh le rinio aku during mari ngobati awakmu”

(Andi mlaku metu ambek nyeret sikile amarga sek lara)

Reza: “lha ! Apik lah ! ra rusuh-rusuhi omah ku”

Bu Nikita: “Astagfirullah Reza Saaken bocah kuwi”

Reza: “Jarno bu mangke bilih mboten dingotenaken, isa-isa nggolek-nggolek kesempatan, cek entuk welas asih saka ibu, banjur diparingi duit saka ibu”

(Bu Nikita ngejar Andi lan ora ngereken omongane anake, nanging bu Nikita ora sampek ketemu Andi)



Babak 4

Andi moleh ambek nyeret sikile sing lara

Andi: “ Bu Andi bali bu”

Bu Siti: (Mbukak lawang lan kaget ndeleng keadaane Andi) “ Le sikilmu kok babras kabeh kuwi

             kenopo?”

Andi: “Enggeh bu niki banjur keserempet mobil bu?

Bu Siti: “Kok isa loh le?”

Andi: “Nikuwau kula mboten ati-ati bileh mlampah. Ingkang nabrak tiyang komplek biasane

            kula dodol koran”

Bu Siti: “lha terus sopo sing nyrempet?”

Andi: ”ibuk e bocah wingi, sing kolu critani wingi.”

Bu Siti: “Oalah, cah sugih sing menehi duit wingi ta? Byuh kok pancet ae wong sugih ki”

Andi: “Tapi ibukne ki apik low buk, wong kulo mawon di pijet. Nanging pas anake metu kulo langsung di usir”

Bu Siti: “Yaweslah syukur ibuk e apik le”

Andi: “Enggeh buuu”



Babak 5

Reza lagi keliling-keliling nggae motore sing anyar nanging…



(Gedubrraaaakkkk!!! Suara motore Reza kang nabrak wit)

Reza: “Aduhhh!”

(Ing kono ana Andi kang lagi nawakake koran, wektu ngrungokno suara iku Andi cepet-cepet mlayu)

Andi: “Ana opo kae? Loh Reza!!”

(Cepet-cepet Andi nulungi Reza lan digawa menyang rumah sakit)

Sawise Reza sadar….

Bu Nikita: “Walah le le makane talah nyetir sepedah iku gausah kakekan pola, untung wae ono si

                    Andi sing nggowo kowe mengang rumah sakit”

Reza: “Loh tenan bu Andi sing nggawa aku mrene?”

Bu Nikita: “Iyo le”

Reza: “Endi bu saiki si Andi? Aku pingin ngomong ambek dheweke”

(Bu Nikita nyeluk Andi gawe ngomong karo Reza)

Andi: “Opa za?”

Reza: “An selama iki aku wes berprasangka buruk menyang awakmu, aku njaluk sepura sak

            akeh-akehe”

Andi: “Walah Za Za masio awakmu gak njaluk sepura menyang awakmu aku wes nyepurani

            awakmu sak during-durung e”

Reza: “Suwun tenan yo An suwuuuunnnn, awakmu pancen wong kang apik”

Andi: “Iyo podo-podo Za”



TAMAT
Oleh: Adisti Primmaulinda

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel