Ibu Wati anak pengusaha kang gedhe . Ana kadadean kang kudu ditrima
marang awake dewe yaiku diusir marang kaluwargane amarga isin kudhu nanggung kelakuan anake sing gawe
gawe ala jeneng kalwarganekanyata Ibu Wati ngandung anak kang durung kaiket dene pernikahan . Akhire Ibu
Wati mutusake lungo menyang Semarang . Modal duit sing digowo suwe-suwe mulai
entek amarga sifat Bu Wati kang boros . Duit sak piro – piro ludes kanggo urip
sugihe . Kanthi ngrasakake kang arane serete duit . Melbu wulan ke 9 luwih 10 dina
anak kang sing ora dikarepake lairbayi kembar kanthi kahanan kang kurang cukup.
Bayi kuwi dikei jeneng yaiku Bowo lan kembarane ora di asuh karo ibu Wati
nanging di asuh marang bidan kang bantuproses kelairan bocah mau kang ora lain
yaiku mbakyune Pak Yono . Nanging ibu wati ora ngerti nek bidane niku mbakyune Pak Yono, anak
kang di asuh pak Yono di paring asma Jimen. Pak yono termasuk pengusaha kang
berhasil. Kang duweni pirang – pirang perusaan lan manggon ing kabupaten
Semarang.
17
tahun sakwise, Bowo kang urip aben dina disia-sia marang ibune . Bowo awit
cilik wis gelem rekoso dodol koran kanggo kebutuhan uripe lan sekolahe amarga ibune wis ora gelem
biayai Opo meneh wanci pendaftaran SMA arep dimulai
.
Ing
wengi seminggu sak durunge wanci pendaftaran dimulai .
Wowo’ : “Bu, kula sampun lulus SMP
. kula badhe nerusaken wonten SMA .”
Bu Wati :
“ Haaaa , nduwe duit po ra ? “
Wowo’ : “ Ngeeh ,ibu menika
pripun? “
Bu Wati : “ Maadang wae rekoso ,
arep sekolah ? “
“
Emang sekolah duwur-duwur gawe kowe sugih po ? “
“ Wong
Mas Tono sing lulusan UGM wae gaweane lontang lantung kok ! ! “
Wowo’ : “ Nggeh pun bu ,
menika ibu mboten kersa biayani kula badhe ngandalaken koran kula . “
Bu Wati : “ Yo kono nek karepmu
ngono ! “
Akhire
dina pendaftaran SMA dimulai . Wowo’ ketrimo ana ing SMA unggulan kutha
tinggale . Seminggu wis mlaku . Sekolah dimulai . Wowo’ entuk konco anyar
asmanipun Jimin.
Esuk-esuk
ing sekolahan .
Jimin : “ Eh Kowe “ . (
nunjuk wowo’ )
Wowo’ : “ Ono opo ? “ ( nyedaki Jimin )
Jimin : “ Tak emat-emat aben esuk kok
kringeta to ? “
Wowo’ : “ Hehe ,aku aben dina esuk dadi
loper koran .”
Jimin : “ Wah aku salut karo uripmu ,
penuh perjuangan . “
Wowo’ : “ Yoo , aku nek ora koyo ngono ora
iso sekolah .”
Jimin : “ Eh jenengmu sapa ? “ (
ngulurke tangan )
Wowo’ : “ Wowo’ “ ( ngulureke tangan salaman )
Bel
mlebu sekolah muni . Pak Guru mlebet wonten kelas .
Guru : “ Sugeng enjang putra – putra .
“
Siwa : “ Enjang paaaak .” (serempak
)
Guru : “ Piye rasane dadi cah SMA ? “
Mono : “ Ra piye-piye pak . Haaa Bp
piye mbiyen pas SMA ? “
Kanggo
pengantar pelajaran akhire Pak Guru
nyritakake pengalaman pengalaman masa-masa SMAne . Rampung crita ,banjur Pak
Guru ngekei tugas marang siswane yaiku tugas kelompok kang pasang – pasangan .
Jimin : “ Kowe karo aku yo bro . “ ( nepuk geger Wowo’ sing nig
sebelahe )
Wowo’ : “ Yo wis gampang .”
Jimin : “ Lha meh garap kapan ? Ning ndi ? “
Wowo’ : “ Aku manut wae sing penting o jo wayah wengi . “
Jimin : “ Ning omahmu piye? “
Wowo’ : “Mmmm..piye yooo ? “ ( muka bingung )
“
Asline rapopo Min , tapiek engko ora nyaman piye ? “
Jimin : “Nyaman –nyamaan . Santai wae nek karo aku Wo’ .
Maksute ning omahmu ben aku ngerti alamat
omahmu .” ( ngrangkul pundakke Wowo’ )
Wowo’ : “ Yo wis , pakem ya ning omahku . Oh yo dinone Minggu
sore wae Min jam 5 piye , iso ra ? “
Jimin : “ Iso banget wi Wo’ “
Wowo’ : ‘ Siiip “
Srengenge
wis ketok nandakake wayah bocah - bocah
podo mangkat sekolah . Ana ing sekolah akeh kegiatan kang dilakoni bocah –
bocah kanthi ora kroso bel bali sekolah muni . Wowo’ lan Jimin bali mlaku
bareng . Ing mburine ono Tutik lan Mono kang ngglendengi Wowo’ lan Jimin .
Tutik : “ Mon mon , kae hlo Mon . ( nyikut Mono )
“
Wowo’ karo jimin klop banget yo podho – podho plolore hahaha . ‘
Mono : “ Biasa to paling gek adaptasi . “
Tutik : “ Aku kok penasara yo karo yo Wowo’ ono sing bedo
wae . “
Mono : “ Aaaa, ada butiran cinta ya ? “
“ Tak
omongke po ? “ ( guyonan )
Tutik : “ Ah kowe ki ra lucu Mon , masak aku karo Wowo’ ?? “
( ngacungi awake dewe )
Mono : “ Ati –ati benci bisa jadi cinta “
“
Wislah gas ndang bali. “
Minggu sore Jimin moro ning omahe
Wowo’ .
Jimin : “ Assalamu’alaikum , Woo’ ? “ ( ngetuk pintu )
Bu Wati : “ Sopo yo , ganggu wong turu wae ! “
Wowo’ : “ Ngapunten bu, niku kanca kula . “
Bu Wati : “ Kowe mesti meh dolan to ? “
Wowo; : “ Mboten bu mboten . Kula badhe garap tugas .” (
mlaku arep buka pintu )
Bu Wati : “ Yo wis kono cepet bukakke lawange
, selak brisik ! “
Wowo’ : “ Nggeh bu . “
Wowo’ alon – alon metu, buka pintu
.
Jimin : “ Wo’, aku ganggu yo ? “
Wowo’ : “ Ora kok Min , ibuku gek kesel wae .”
Jimin : “ Tenan ki ? “
Wowo’ :
“ Iyo tenan kok . “ ( ngrangkul pundak Jimin ngajakmlebu )
Jimin : “ Yo wis yo lek ndang garap ,
terus rampung .”
Wowo’ : “ Ok Ok . “
Akhire
garapane rampung. Dina Senene tugase diwaca ana ing ngarep kelas
.
Guru : “ Para siswa piye tugase , wis
padha rampung durung ? “
“ Sap
sig arep maju ndisik ? “
Wowo’ : “ Kula pak .” ( ngancungke telunjuk )
Tutik : “ Kemlinthi , cilik – cilik
kewaneen .”
Bowo
: “ Eghmm , tapi kan ganteng
“
Mono : “Ah sombong koyo ganteng wae ‘
Guru : “ Wis –wis ojo do ribut . Ayo
Wo’ cepet maju . “
Rampung
presentasi Jimin marani Tutik lan Mono kang uwis nyletuk sing ora – ora marang
Wowo’ .
Jimin : “ Tik , tik kowe ki kok isone
nyengeti uwong . “ (
gedek – gedek)
Tutik : “ Aku uwonge emang ngene kok , Daripada kowe sok
jagoan. “
Jimin : “ Yo ra ngono , dhewe kan konco masak iyo podhapadhu
eleke uwong sing durung tentu benere ? “
Tutik : “Karepmulah ! “
Ora
kroso wektu nunjukake jam mulih , murid- murid ribut siap –siap bali . Bocah –
bocah banjur wis podho bali . Ora koyo bocah liyane Wowo’ bali sekolah ora
langsung menyang omah nalika nyambut gawe dadi tukang semir ana ing plataran
mesjid agung kutha kuwi . Gawean kuwi dilakono amarga kabutuhan kang durung
kacukupan .Ana ing mesjid agung Wowo’ ketemu pengusaha jang asmane BPak Yono
kang orang lain bapake Jimin .
Wowo’ : “ Paaak semir paaaak “ ( nawar – nawari )
Pak Yono : “ Le , mrene le . Tulung
nggon aku iki desemirke yoo ? “ (
karo ngawe )
“ Le
, ora sekolah po ? Yah mene kook nyemir sepatu ? “ ( ngemat jam tangan )
Wowo’ : “ Mboten kula sampun wangsul “
Pak Yono : “ Wah kowe kok rupane
mirip anakku . “ ( kening mengkerut )
“ Eh
wis ya tak solat ndisik . Le , nek durung solat mbok solato ndisik engko lagi
nyemir eneh “ ( ngelus rambut )
Wowo’ : “ Nggeh pak monggo “
Rampung
solat Pak Yono ngancani Wowo’ kang lagi nyemir sepatune . Sak wise rampung di
semir Pak Yono balik menyang kantor .
Pak
Yono kondur wonten dhaleme wanci sore .
Pak Yono : “ Jimiiiiin, bapak bali “
Jimin : “ Nggeh paaak “ ( mlaku mara bapake )
“ Wah
tumben sepatune kinclong ? “ ( nyangking sepatu )
Pak Yono : “ Sopo ndisiik , bapakmu kok . “ (
ngelus rambut )
“ Le
iki mau sing nyemir sepatu bocah sak pantaranmu lho . Bocahe kuwi prihatinan .
“
Jimin : “ Wah nasibe koyo kancaku , tapi nek konco ku kuwi
saben esuk dadi loper koan . Pak nek pareng koncoku dibantu yooo ? “
Pak Yono : “ Sesok yen bapak ning omah , dijak
dolan mrene wae “
Jimin : “ Ok man ! “
Esuk – esuk ing sekolahan .
Jimin : “ Wo’,kapan –kapan ning omahku yo ? “ ( ngadeg
jejeran ana lawang )
Wowo’ : “ Ngopo ? “
Tutik : “ Heeh mingir – minggir aku meh lewat !”
Jimin : “ Monngo ratu , ratu judes .”
Tutik : “ Kok nyolot we ? “
Jimin : “ Lha piye to ? “
Mono : “ Uwis ta masalah cilik we diributke . Mbendini kok
mung ece – ecean “ ( misahke tutik )
Tutik : “ Piye towe , kowe ki belani sopo jare koncoku ?”
Guru : “ Ono opo iki cah ? “ ( guru lewat )
Wowo’ : “ Mboten kpk pak , mboten wonten napa – napa. “ (
mesem )
Guru : “ Wis saiki pada bubar wae , podo ngapuran –ngapuranan
“
Tutik : “ Wo’ dingapura ya , ne slama iki aku mung ngeceni
kwe terus “ ( ngulurake
tanagan )
Wowo’ : “ Iyo ra popo Tik , ra ece – ecean ki ra asik “
Tutik : “ Ya wis kanggo tanda ngapuraku mengko ning kantin
cah loro pas ngaso yo ? “
Bel melbu muni , siswa-siswa
pada lugguh ana bangkune dewe- dewe
Tutik : “ Mon Mon tak
omongi tentang Wowo’ “
Mono : “ Aaa..mesti sing mau esuk ? ? “
Tutik : “ Ora yoo..
Aku mung tammbah penasaran karo Wowo’ “
Mono : “ Penasaran po penasaran ? “
Wektu
kanthi alon – alon mlaku , Wowo’ suwe- suwe cedak karo Tutik . Ra dikiro bocah
loro kuwi podo – podo duwe rasa tresna kajaba ora gelem ngomongake langsung
anane mung tamat – tamatan nanging tingkahe ora bisa ngapusi konco – koncone .
Suwe –suwe tingkah lakune nek ngetoki seneng .
Bel
bali sekolah kumandang nandakake siswa – siswa wayahe bali sekolah
Jimin : “ Min , ning omahku yo ? “
“ Mumpung bapakku ning omah “
Wowo’ : “ Saiki ? “
Jimin : “ Ora ! sok bodho , yo saiki
laah . “
Wowo’ : “ Yo ayo , tapi ra suwe to ? “
Jimin :
“Ora kok . “
Jimin
lan Wowo’ langsung menyang omahe
Jimin . Banjur podo nemoni bapakke Jimin
.
Jimin : “ Pak...Bapak
? “
Pak Yono : “ Opo Min ? “
Jimin : “ Ki hlo ono
kancaku sek tak critakke wingi .”
Pak Yono : “ Yo , kon njagong sek “
Jimin : “ Nggih pak “
“
Wo’ njagong sik kono “
Pak Yono nyamperi koncone
Jimin
Pak Yono : “ Loh le , kowe kok ning kene ? “ (kaget )
Wowo’ : “ Enggih pak ,
niki kula dijak Jimin mriki “
Pak Yono : “ Oalaaah jebul kowe k koncone anakku ,
pentes lo nek kakang adi karo anakku “
Wowo’ : “ Hehe . enggih nopo Pak ? “
Pak Yono : “
Wo’ kowe ki asline mirip ..... ora ding
ora popo , Min kono kancamu gawekke wedang
sik ! “
Wowo’
: “ Mboten sah repot – repot pak , matur suwun “
Jimen : “nyoh wo’ wes tak gawek’e”
P. Yono : “wo’ kwe kie saiki cita – cita mu apa?”
Jimen : “ nika pak , dokter . hahaha”
Wowo’ : “ hehe, mboten ding”
P. Yono : “
ojo ngono wo’ nek kwe pancen karep, apa sing ra munggkin ge uwong pinter
ko kwe.”
Wowo : “ngeeh pak , pandongane mawon”, “ ngeeh pun pak kula
wangsul rumiyen, Assalamu’alaikum”
Jimen
lan P. Yono : “ yo
ati – ati wassalamu’alaikum”
Wowo’ akhire bali marang omahe.
Jimin : “ Pak kae mau asline bali merga di goleki ibune nek
ora ya biasa laah loper koran “
Pak Yono : “ Hla ibune piye tooo ? “
Jimin : “ ibune niku , pripun nggeh ,....
niku we mlbu SMA empun bejo “
Pak Yono : “Laa bejo piye?? Bapake??
Jimen : “ Haaa Wowo’ kadose mpun mboten gadahbapak kok ! “
Pak Yono : “ mati po?? “
Jimen : “ ngeeh niku kula ngeeh mboten ngertos”
Pak Yono : “ Yowes sesok tak nemoni Gurumu”
Enjangipun
pak yono dateng marang sekolahan kanthi tujuan konsultasi tentang Bowo’
P. Yono : “ assalamu’alaikum “
Guru : “ walaikumsalam, eh pak Yono “
Pak Yono : “nyuwun ngapunten pak, ngrepoti, sepindah
silaturrahmi kaping kalih kulo badhe
nyuwun pirso tentang mas bowo”
Guru : “bowo sinten nggeh, kelas pinten ?”
Pak Yono : “ bowo sing sak kelas kalian jimen putra
kula”
Guru : “owalah bowo supriyono , sing seneng topo noto boto
ambruk sedoyo noto meneh sepuluh dino”
Pak Yono : “
Nggeh kintene niku pak ? “
Guru : “ Oh nggeeh nggeeh tak padhoske datane riyen pak .“ (karo
madhos data – datane )
“
Naaaah niki paak “
Pak Yono : “ Pak saged jelaske tentang mas Bowo’
niku ? “
Guru : “ kerso pak . Bowo’ niku bocah kang pinter dheweke
saged mlebet murid teladan tahun 2010 sak Provinsi . Kulo bangga kalian Bowo , nanging kadose keadaan
ekonomine hambat keadaane .”
Pak Yono :
“ Pantespaak , kula wis tau
semerep . “
Guru : “ Semerep nopo ? “
Pak Yono : “ Semerep Bowo’ dados tukan semir sepatu
. “
Guru : “ Astagfirullah , kula gek ngertos Bowo’ sekolah
saking hasil kringete dhewe . “
Pak Yono : “ Ngenten paak , kulo gadah ide. Pripun
nek kagem biaya sekilahe mas Bowo’ kula tanggung sedaya ngantos kuliah . “
Guru : “ Leres pak . Tapi po mboten ngendika kalih ibune
riyin ? “
Pak Yono : “ Masalah niku gampang , masalah
aministrasi mangkeh kula lebetke langsung wonten SSP.ne . “
Guru : “ Oh ngeeh nggeh pak badhe kula urus secepete .
Nanging kula badhe rembug kalian Bowo’ . “
Pak Yono ; “ Matur nuwun sanget nggeh pak .” (ngulurke
tangan salaman )
Guru : “ Sami – sami
pak . “ ( salaman )
Ora
disengaja Mono lan Tutik lewat ono ngarep kantor lan krungu opo kang
dikendikake Guru kalian Pak Yono .
Tutik : “ Mon Mon krungu ra mau sing diobrolke Pak Yono karo
Guru?“
Mono : “ Ah aku ra ngerti e . “
Tutik : “ Ah koe ki
opo sing ngerti ? “
Mono : “ lhaa aku gek
ning ngamatke kae kok “
Tutik : “ Aaaaa mesti
gek namatke murid kelas sebelah kae to ? “
Mono : “Haaaaaaaaaaaa! Kepo loe , ono opo to?
Tutik : “ Kae lo. . . . sing tentang bowo’ kae lo .
. .
Mono : “ La piye to?
Tutik : “ ikhh . . . . . . .kowe ki . .
. mesti kowe ngelih to (narik tangane Mono)
Mono : “ Yo wis
kantin wae yo “
Tekan kantin . Akhire Tutik
nyritakake opo sing ora sengaja di rungokke.
Tutik : “ Ngene lho Mon
. Mau ki nek ora salah krungu Pak Yono arep biayai sekolahe Bowo’ .”
Mono : “ Wooh tenane wae ?
“
“ Kae
ki nek dadi kakang adhi ncen pantes kook . Rupane wae mirip . “
Tutik : “ Ah ngawur wae masak kakang adhi , Jimin wae
miliarder ning sekolah iki masak iyo kakang adi karo Bowo sing loper koran . “
Mono : “ Haa mbok
iyo nek di emat – emat kan podho . Jajal pisan –pisan nek gek mlaku bareng di
emat ? “ .
Bel melbu sekolah wis
kaprungu .
Tutik : “ Mon balik yo wis bel kii . “
Mono : “ Ora noimongke Bowo’ eneh ? “
Tutik : “ Wah nek ngomongke Bowo’ ki ra ono akhire “
Mono : “ Haha .. koyo cintamu karo Bowo’ to ? “
Tutik : “ Aaaa ora yoooo “ ( isin ) . Wis – wis ayo
lek ndang melbu kelas .
Akhire
Tutik lan Mono tekan kelas .
Ing
wayah bali sekolah P.Guru tidak wonten griyanipun Bowo’ maringi surat kagem ibune Bowo ‘
P.Guru :
“ Assalamu’alaikum ? “
Bu Wati :
“ Sinten nggeh ? “ (
karo buka lawang )
P.Guru : “Kula gurune mas Bowo’ badhe
konsultasi tentang mas Bowo‘.”
Bu Wati : “ Oh nggeh nggeh mlebet riyen “
P.Guru : ( mlebet )
Bu Wati : “ Pripun paak kok kadhose penting
sanget “
P.Guru :
“ Pripun nggeh bu , kula mboten penak badhe ngendika .”
Bu Wati : “ Pun pak nek Bowo’ sampun mboten
saged sekolah amargi biaya di tokke mawon pak. “
P.Guru : “ Mboten niku bu sing kula karepke
. “
Bu Wati : “ Lha terus ? “
P.Guru : “ Niki bu , wonten pengusaha
ingkang purun beasiswani Bowo’ kanthi lulus kuliah lan sedaya kebutuhanipun . “
Bu Wati :
( kaget ) “Hla terus kula kon pripun ? Kula pun kesel mikirke
sekolahe Bowo’ lan cita – citane kang dhuwur banget. Untunglah nek ono sing
gelem biayai sekolahe , dadi ora susah golek duit biayai sekolahe .“ Eh eh tapi
sinten nggeh pak asmanipun pengusaha niku ?”
P.Guru :
“ Haduu ibu niku pripun kagungan anak setunggal pinter kok kirang
bersyukur . “
Bu Wati :
“ Pak Guruu kula tanglet asmanipun pengusaha niku sinten ? “ Kula pengen
pirsa ! “
P.Guru : “ Nggeh napa njenengan rawuh wonten
sekolahan mawon ? “
Bu Wati : “ Waah kula sek kathah jahitan pak
.”
P.Guru : “ Nggeh sak kersane Bu Wati mawon
.Kula tak terusan mawon bu pun ajeng
jawah j“
Bu Wati : “ Nggeh pak matur nuwun , ngantos
atos nggeh. “
P. Guru : “ Assalamu’alaikum”
B. Wati : “ Wa’alaikum salam “
Seminggu sawise Pak Guru, Bu
Wati, Pak Yono janjian ketemu Ing ruang
kepala sekolah sawise jam sekolah wes kelar.
B. Wati : “ Assalamu’alaikum “ (tok,
Tok, Tok)
P. Guru : “ Walaikum salam, mlebet bu mlebet,”
B. Wati : “dingapunten pak sek saged rawuh”
P. Guru : “mboten napa – napa bu, mlebet
–mlebet.” Mangga lenggah rumiyin.
(pak
guru akhire telpon pak yono ngabari yen ibuke bowo sampun rawuh)
P. Guru :
“ keh riyen geh bu sinambi nengga
bapake”
(Ora nganti suwe pak Yono
Rawuh kalian Jimin lan Bowo’ )
Bowo : “ Assalamu’alaikum , Loh kok ibu”
P. Guru : “ Walaikum salam mlebu lee” ki golei
ibumu “
Pak Yono : “ Assala.. .. . Wati???
B. Wati : “ Mas Yono? (mrebes mili)
P Guru : “ Jenengan sampun
podho kenal? “
Bu Wati :
“ Mmmmm..pripun nggeh paak . waaah kula mboten saged crita wonten mriki paak “
P.Guru :
“ Nggeh pun nggeh tak tinggal wonten wingking riyin “
Bu Wati :
“ Nggeh pak sekecakke mawon “ ( mesem )
Pak Yono :
“ Eh Wati berarti Bowo’ kuwi kembarane
Jimin ? “
Akhire
Bu Wati , Pak Yono , Jimin , lan Bowo’ kumpul dadi siji kang dadi keluarga
sempurna . Banjur lulus SMA Jimin nerusake usahane bapake lan Bowo’ nglanjutake
cita – citane kuliah ing fakultas kedoktern UGM . Nasib Tutik nunggu cintane
Bowo’ lan nerusake ing fakultas Akuntansi . Banjur Mono nerusake sekolah ing
fakultas akuntansi UNY .
Akhire
keluarga mau urip sempuna lan sakinah
, tentrem lan serba kecukupan .
INTINIPUN “ Urip iku
mboten mandang tahta lan harta kajaba niat lan manteb kang opo sing dikarepake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar