Latest SOAL :

Kamis

Kumpulan Geguritan ( Kobaring Kamardikan, Klebatku, Kahanan, Luru )


KOBARING KAMARDIKAN


A
ku sing weruh
amarga bocah cilik nangis
sesenggrukan
ngliwati lapangan mlipir-mlipir
ing  pinggir omah gedheg
aku uga weruh nalika ing
lapangan padha ngropok dhele
banjur padha andum omben
anggur  wisky

tambune gorengan asu
ah, kabeh kuwi krana endahe
sesawangan
ing tv ing cd ing majalah wis
dadi salah kaprah
kamardikan iki pancen wis ora
kinunjara maneh
kamardikan iki pancen wis ora
memba sapa-sapa manehj
awit kamardikan wis temen-temen
wani wuda ngumbar aurat
ngisas isin mbengkas rikuh
pakewuh
banjur  tangis, ana getihe
sing dumlewer iku
apa bener bisa negesi
kamardikanmu
apa bener  wis ngokob kabeh
ngelakmu?

pp.annur bululawang- 022004


 


K E B L A T K U


K
eblat siji
pojok papat kang nekseni
nalika panyeluk dadi cemethi
anggung gusti
kuncara dupa sundhul wuwung

keblat siji
kaya rontek ngarep wuri
pandom pangabekten
akumpul anut wernaning panji

keblat siji
iki wis dakgegadhang
dakgandheli
nganti wekasaning budi

keblat siji
mung ing ati punjering sepi
wiwit donyaku kang oyak-oyakan
lan batin mung ampiran sanggan
keblatku tetep sawiji
g u s t i

    anjukladhang 1995
*Panjebar Semangat 1, 6 Januari 1996





KAHANAN


I
blis iku tansah bebisik
jroning padhang lan peteng
pangrekane sengkud nalika eling
guyune ingumbar turut dalaning
kanikmatan
kalaning kaleksanan kalepyan
ati iku wat-wating panguwotmu
lamun pinaringan resik wajibe
den sesuci pangruwat murih nora
gampang mosik dening lancipe eri-eri
kamelikan
graita iku kang sabanjure
ngobahake pakartining ragamu
ngedhep ngeremake tlapukaning
mripatmu
mung bisa nyawang lan tetimbangan
iku akale bali ing daya pikate
iblis culika apa
manthere ati magenturan ing
tumindak kang tumata


        Bululawang, 1098
        *Jaya Baya 32, 11 April 1999





L U R U


D
akturuti kridhaning ati satlemik
kaya patrape bocah cilik luru kecik
ngongkreh-ongkeh larahaning nepsu
dimene tinemu bebener kang siningid
biyen butarepan anggonku negesi
nalika ing kutha ana keluk wira-wiri
nggambari langit werna klawu medeni
utawa sauruting peteng lan gubug cekli
rinengga wedhak pupur lan gincu njuwarehi
biyen uga brangasan anggonku ngendhaleni
lising kreta dahuru murkamu
kaya pletik-pletik latu
nyalomot mbesmi papan tujuku
jalaran suwe daksrateni
saiki tinemune seje
amarga wewujudan-wewujudan kuwi
maya tumraping ening lan enengku
ginigit leksan rasane
kareben
karoban ing memanis
binelabaran sukeng liruning sukerta
karana bebener lan kautaman
ing ati katresnanmu mbutuhake wektu
lan laku ing elingmu
                1995
            *Jaya Baya 20, 14 Jan 1996


Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel