Latest SOAL :

Kamis

G A P U R A


G A P U R A






T

enan, le
kowe weruh wujude gapura kae kaya apa?
layangan, wayang, grumbul, apa malah
srengenge abang ireng putih kuning ijo biru dadi siji,
ya le kareben endah kabeh slendhang lan kelir
disampirake
kareben edhum sakehing rerenmggan
dipayungake
biyung alah!
ndesit, kang
bocah-bocah lan wong tuwa lugu kae
wis padha pintere
ora kalah thokcere karo sing dikandhakake
karo sing kokpamerake
jumbuh nyawiji ing
angen-angen lan pokal gawene
besuk kapan kalakone
baya kapan dumadine
bisa males kabecikan
bisa ngedum sakehing wirang
bisa ngampet atine kacuwan
selawase iki
dipendhem jeru ing sangisore gapura-
gapura wewangunanmu kang mung aweh
eyub kalaning wektu mung  sauntara
nunggu kabeh mangsa kamuktenmu nalika
kringet lan kabeh trekah iki tanpa guna awit
linali sumlempit ing walik ageman
binundhelan dhasi iku
gapura gapura gapura gapura
gambare garudha garudha garudha
miber  miber  mabur  mabur mung mabul
mabul ora kabul
awuinglapangan,

April 2004

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel