Latest SOAL :

Kamis

UPACARA ADI


UPACARA ADI 


T
erbang tambur disuntak swarane mawurahan
umbul-umbul gendera gambar gunungan wayang
dipasang mabit nyeblakake pawarta kapang-kapang
mapag tekaku, mapag tekamu, mapak kabeh sapa wae
gawane mbenteyot pirang-pirang jaman
kampet dadi sangganm pikir, bot repote nalar

tinampan ing esem sumanak lan sabregada
barisan sinoman kanthi gegaman lan gawan
sarwa pepak. kebak  ambelabar tekan ngisor cagak
jejel riyel kawigaten iki mung siji
ora ana maneh sapa, ora pener  yen kawetu
tembung apa
nanginmg kepriye ulah kridhaning  pabaratan
tanpa pasulayan lan nalika para sang dwija
anjekethut pating  prengkel otote mengkerut
iki upacara adining upacara
gebogan referens
lembar-lembar kertas
lan iket wiletaning basa ilmiah
mubal kaya lombok lan uyah
rumesep. tidhem.

destun dene isih ana saperangan anakmu
pating dlongop ora ngerti apa-apa
Panji?  Suripan?  Ronggowarsita?

            Oktober – 1995
            *Jaya Baya 09, 29 Okt 1995



Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel