Latest SOAL :

Kamis

REMBULAN




REMBULAN



O
, jebule rembulan kuwi bunder
kijenan –kandhane anakku wedok
ora ki, rembulan kuwi pucet
madhangi jagad –belane si adhi
nanging rembulan wis ora suci
gelung rusak kendho tapihe
sansaya dina mung ngandelake
pupurane –sing gedhe nengahi
yen ngono luhur jiwane

senajan ajur atine remuk
pangrasane isih dikuwatake
jangkahe mecaki wengi
ijen tanpa meri
marang lintang-lintang
kang luwih dhuwur panggonane
-alembanane nyaiku
yen ngono rembulan kuwi ?
landhep panyawang kuwi manah atiku
(apa isih kudu didedawa maneh
kahanane rembulanku
yaiku cangkriman lan bebasan
nalika pangalembana lan undhamana
saur manuk njaluk kawigaten ?)

                                 purnama – 1995


Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel