Latest SOAL :

Kamis

Kumpulan Geguritan ( Lelagon Ing Plataran, Kapal Terbang Saka Kertas Ujianmu, Patuladhan, Les Manakung 1991, Layangan )


LELAGON ING PLATARAN


Mirsani lintang wong ayu
dhewekan ing plataran
sangisore waringin agung
nyawang konang wong manis
apa maspadakake rembulan
eseme sansaya pucet
dhewekan tapa rame kanthi weweh
sunare
Kembang-kembang bali tlaga kingkin
ing netramu wong ayu dhadha seseg
ngampah paiting dina lelakon klawu
koklabuhi keplayu kasungal-sungal
isih rapet sinjangmu isih aji
alusing gelungmu
Dakranti tekane sesuk cah ayu
nalika ing plataran padha dolanan
bocah-bocah cilik dhakon lan jamuran
esem ing lathimu
mekar
seger aweh salam marang kumbang
Aja mung tekan samono wong manis
kuwanenmu
ringkihmu ngadhepi panandhang
ganjaran iku lagi singidan
peparing marang kang nahan
dhadhag ngadhepi panggodha
kaya lintang-lintang wengi
kaya konang-konang
sepi
dhewekan

Lawang, Juni 1997



KAPAL TERBANG SAKA KERTAS
UJIANMU, NANG



mengko nang yen langite padhang
dakgawekake kapal terbang saka kertas ujian
sing wingi dibunderi kelir abang
ireng lanmgite isih peteng
ngene iki ora ana sing bakale nantang bebaya
golek memala nerak udan mlaku turut
galengan ngundha layangan apa maneh
penekan mung krana kapal terbang
temangsang, nang
pinter kowe, le
gelem latihan sabar senajan pamulange
bapakmu mung ngenteni udan terang sinambi
ngetungi  wong liwat ing dalan
ing sekolahan bangku- bangkumu dadi seksi
tinulis pisuh lan rerasanan marang guru .
ora becik mesthi bae senajan durung mesthi luput.
mulih sekolah kok mesthi mecucu lambemu
apa maneh yen saka dolan saparan-paran
bocah-bocah kuwi mung bisa tetiru nyatane
tv lan koran – guru lan sekolahan mung
muruki kemrungsung butarepan
kepriye bisane unggul ora gelem nampa wong
kalah malah nge;eh-ngelehake sing salah
ups, kebacut ngger.
kae langite wis bingar kari grimis kumricike
banyu lan hawa padhang
age sawatna kapal terbang kertas ujian
bunderan abang
dimen ilang susahmu dimen ilang
tumlawungmu dimen bunderan abang iku
sesuk-sesuk bisa dadi biru deninmg tangan
cilikmu

lumbangsari-besar-2004
*Jaya Baya 28, II Maret 2004 



PATULADHAN



kang mimpin
ora ana ing ngarep
nanging cahyaning
patuladhan iku kudu
ngaton mangejawantah
yen wus madhep mantep
tegese tegen
ngendhaleni panguwasa
nyekel pusara
ya pusakaning adil
yen jirih wateke
mung bakal tansah
singidan dhedhemitan
samun kang dadi
patuladhane kuthung
pancen kang
mimpin iku dudu
empuke kursi kok
apamaneh kerta aji
angen-angen kurang duga
iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu
awit karsaning bnumi iki bisaa lestari
ing tentrem lan ing makmur
manitis sukmaning kusuma bisaa
ngambar arum saindhenging nuswantara

        *Panjebar Semangat 12, 22 Maret 1997



LES MANAKUNG 1991


lelanaku ing samodra iki nganut atuting ati
wis suwe, wis suwe anggonku nganti
sinubya kadi ratu kaunggahake kreta
sadalan kaliwatan kasiram sekar sinawur
tracak drijimu wanodya saleksa
ing dhampar kencana sumyur
anane mung esem lan reseping netra
kadulu sang hayu
ombak, ombak tidhem
lumengser para dhahnyang sumungkem
niti sawiji ngempyok esem sangarepku
slendhang kuwi, slendhang kuwi ngelur rambutku
kemutug ati lanangku
dakcoba ngekeng dahuru
. . . . “mungguhing praptamu kakang
dakpupuji dakpupus rerepan ati
baya kapan aku ketemu
seswulihe kakang mas kawuri”

geter kumeteging getih
asat kuwanenku,
aking kalolosan
(andika ratu micara
nguripake dayadayaning kalbu
ngenggar-enggar napsu)

astamu alus kumlun
nuwuhake sewu pangangen
ngalap kuwanenku, nyandhak
rum, ruming batin kabekta sami
ing ulegan donya kalem kalambu
. . . . . . . . . . .
tajem sorotmu gawe kaget
lakumu sajangkah dina iki kebak meri
dhuh gusti kokbalekake dayaku
sawise suwe lelumban ing nir kala
waras wiris takwartakake
bapa, biyung ngendi sulaming urip
ngabekti sabaya pati
iki aku lesmana dewabrata
bali urip taun 1991 masehi


joglo. Maret 1991
*Jaya Baya 34, 21 April 1991




L A Y A N G A N


ngundha layangan ing lapangan
mapag ketiga ngancani sing padha
nenandur pengarep-arep tembene
digadhang subur
angine ngalor parane
rada gedhe bola-bali layangan mung
ambyuk wae
ing langit wis padha angengece
ngajak tandhing adu landhepe
benang lan kuwanen
golek mungsuh lan ngasorake
apadene ngiwi-iwi mbebeda lan
ngalahake luwih dening segere angin
kalegan iki larang regane
kudu ana sing dadi tumbal
kudu ana sing gelem kurbanm
layangan abang ijo kuning wis wiwit
kumledhang ing akasa ayang-ayange ing
bumi ngiwi-iwi kebak janji
anteng premati kang nyekel kendhali
benang angin landhep dadi gaman
pating brengok mloya-mlayu sing arep
padha rebutan
- ajeg
kang tinemu mung layangan pedhotan
bathine mung benang apese yen pedhot tangan

*Panjebar Semangat 14, 5 April 1997 

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel