Latest SOAL :

Selasa

Kumpulan Geguritan SEDYA, WIDADARI TAMAN SARI, SUTHIK AKU !, UMPAMA AKU NJALUK PANGAPURAMU ?, KANG WUS SAYA LUNGSE

S E D Y A



yen sida, yung,  sesuk
cawisna aku mori putih
sasuwek kanggo mbuntel lemahmu
kang suwe dakpidak kang suwe
dakpecak
uga sing luwih wigati, pak
jalukna donga pangestu
amarga saben angin kang liwat
saben wot sing dakliwati kuwi
kaya lelimbangan butuh tetimbangan
wis, kang
aku dakbudhal adoh gae lho!
srengenge bunder mecah wernane
aku ora nantang ora kumawani
kandhakna, ya!
bunciku luh wening
sega sakepel lan idune simbok
anget teles ing mbun-mbunanku
antep kaya wirid kaya wirid
sedyaku

candhimei’96
*Panjebar Semangat 36, 7 Sept 1996


WIDADARI TAMAN SARI

taman sari
kembang maneka angrenggani
kanggo sapa tinata asri
iwak ing kolam sangisore sikil
padu
regejegan rebut benering kanikmatan
mung seksi kaya dene lampu-lampu
bunder angete katresnan
bangku-bangku pating caloneh
kajejeg murka setan
taman sari
iki pralambange dewa-dewi
ing kaputren luhuring wanita nguni
jebul wis mawut
bosah-baseh sangisore bougenvile
wungu putih abang getih
gandane pesing worsuh lan wuruh
lanang wadon balapan
golek isin samar banget nora
kaduman sunare
rembulan wis pinotheng-potheng
kanggo tumbal wirang

            alun-alun, nop 1996

SUTHIK AKU !

isih kaya wingi uni sing nyekel
kendhali iku sing bisa nuku ati
senajan nganti pedhot pitaning
swara pamenging lan asat alusing
tembung manuhara pangrimuk
supaya tetep eling
ing jrambah tlacak-tlacak garing
iku ora bakal gampang ilang
ing tunging nalaku ora bakal ilang
cabar munasika mu jroning
pranatan lan dora mu kang wus
kinemulan janji palsu
nyawiji nekseni lan mikat
suthikku
saben-saben mung ana butuh mu
angrerepa ngrimuk jowal-jawil
sajak welas jare ati mu kapencil
mula enggal tulungana grojogen
toya wening asihku
uh !
mangkono jebule kursi-kursi lan
dhampar kencana rinengga babut
mutyara kae temen
mung bakal gawe cuwa
mung pinter milara
mung malah ngejur pangrasa
suthik
aku nemoni praupanmu kang
nggegilani iku
kebak iler lan pating dlewering
idu nepsu
durung gandaning arak lan
clemering tangan mu remas-
remes gulu tungkak
suthik aku !
pendhapa agung, pasa – 1426


UMPAMA AKU NJALUK
PANGAPURAMU ?

Kanggo : Keliek sw

sepurane aku isih durung bisa numusi panjalukmu ketang mung angon wedhus pruculan lan nggawekake bocah-bocah kuwi  lelagon dolanan apadene ngumbulake layangan geguritan ing ara-ara jembar, cak.
temen  awakku lungkrah wektuku mung tansah kalah dening sayah aja cubriya iki kabeh isih ing dalaning kamardikan lan bebisiking para wali uga gegebenganku gegebenganmu rina wengi, kok
muga isih ana sih pangestumu lan bebela uga muga isih pinaringan kuwat drijiku iki nerusake luhuring pangangenmu ing lemah subur sing mung pijer kapidak lan diungkuri bae.
aja digeguyu aja dicengenges (apa malah sakarepmu) aku dudu apa-apamu lan kawit biyen dudu apa-apa krana sejatine kabeh iki kanggo apa
aku lan kowe mung kadhung kablebed kecemplung juglanganing karep sing nyatane wegah mentas mula kadayan lan sinung watak wegah mbengok njaluk pitulungan
ngluwihi kabeh mau, tenan sepurane. mung pamecut lan rasa kekadangan iki muga ora gampang ilang kesaput
panepusing angin lan kepencut angete dodotan glali

        sanggar – 10-2005

KANG  WUS SAYA LUNGSE

adhuh, bibi uripmu
kari saglintir dhewe
ingasihan dening gusti
wingi uni kebak munjung
guyumu dadi rebutan kutahe
receh cring cring cring

dening agunge piandel
wudhar gelung linampit ginulung
gumelare sujudmu
lali apa api-api tan mreduli

adhuh, bibi lenggah ijen
nandur soka nyawang semboja biru
gusis luh dening cecamahe anak wadon
puponmu

samono gedhening panandhang
abot entheng kadi timbangan
saya lungse cedhak ing pangincime
rayap sewu lan cacing luwo

            Januari 2000

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel