B
apak lan ibu namung petani biyasa. Neng omah Mina karo adhine Sinta. Sinta isih patang taun, saiki sekolah ing taman kanak-kanak. Dheweke bali amarga misanane, yaiku anake paklik e arep mantenan. Dheweke nyinom. “Ndhuk wis bali? Kapan tekane?” Bapake Mina takon. “Wau Pak, siyang” jawabe Mina. “Lha piye wis entuk panggilan durung?” bacute Bapake Mina takon. “Dereng Pak.. mpun muter-muter pados pedamelan, mpun nyebar teng pundi-pundi, eh malah mpun telas arta kathah” jawabe Mina karo ngleles, lemes. “Durung rejeki, wis nyantai wae sek…. Mengko nek wis wayahe ya gampang, muga-muga diparingi Gusti Allah kemudahan ya Ndhuk…?” Ibuke Mina nyauri saka pawon. “Inggih Buk.” “Iya… ora usah ngoyo Ndhuk, pancen durung wayahe, sing sabar…” Bapake Mina nambahi.” Mina sing lagi nonton tv mung meneng lan ngrungokake apa sing didhawuhake Bapak lan Ibuku marang dheweke.
Tangi turu kaya biyasane dheweke sholat subuh. Ora bosen-bosen dheweke tansah nyuwun marang Gusti Allah, Pengeran kang maha welas. “Ya Allah, Njenengan ingkang maha kuwaos, gesang pejah kula, kula sumendhekaken dhumateng Panjengan, paringi kula pitedah, gampilaken sedaya urusan kula ya Allah… jodho, rezeki, maut, sedaya kula pasrahaken dhumateng Panjenengan, menawi kula jodho kaliyan Kakang, kula nyuwun supados dipungampilaken ugi dipunnyawijikaken ing pangeket ingkang suci, wonten ing pernikahan ingkang Njenengan ridhoi ya Allah… Ya Allah.. Njenengan ingkang mangertos sedaya isi ati kula….” Neng njero ati Mina mbatin, “Ya Allah… aku takut berdoa dan mengatakan bila tak berjodoh dengan dia kirimkanlah orang yang terbaik untukku….” Luh e Mina netes, tumetes, brebes mili, nelesi rukuhe.
Nyapu jogan, isah-isah, wis dadi penggaweane Mina ing omah. Bapak lan Ibuke wis mangkat menyang sawah. Dheweke sing ngeterke adhine mangkat sekolah. Sarapan wis digaweke Ibuke subuh mau. Nalika iku dalan ing ngarep omahe Mina nembe didandani. Aspal telung taun kepungkur wis mobar-mabur, saiki ditembul, tembul krikil, krikil campur aspal murahan, jare demi kemajuan rakyat, gawe dalan desa kaya oblok-oblok jangan.
Dalan lorong mlebu omahe Mina, ngisore digawe kalenan supaya ing wayah udan bisa ngemot banyu lan ora ndadekake banjir. Ing dalan kuwi mung diwenehi rong papan kanggo liwat. Montor padha liwat, padha kuwatir yen liwat, akeh sing padha dinuntun montore. Nalika iku Mina arep ngeterke adhine sekolah. Dalan sing paling cerak iya liwat lorong sing nembe didandani kuwi. Kaya tangga-tangga liyane, nalika liwat papang mau Mina mudhun, adhine uga mudhun, banjur montore dituntun. Mina ngegas montore alon, ora ngerti papan sing dilewati ora rapet, ban e montore Mina ing tengah-tengahe papan, ban sing ngarep wis neng ndhuwur papan ing bener. Esok kuwi wong padha rame riwa-riwi. Nalika ngegas Mina kangelan, sanajan dheweke bisa ngatasi. Alon-alon montore bisa diunggahke ing papan. Ana tanggane Mbak Yati sing nulungi ngangkat. Mina kaget, pas neng mburine ana wong lanang. “Col colke” prentahe wong lanang iku sing arep nyabrangke montore Mina. Neng ati Mina mbatin “Lhoh ana apa? Montorku wis isa mlaku kok.” Mina banjur mbacutke ngegas montor, lan mboncengke adhine sekolah. “Matur nuwun nggih Mbak Yat?” “Iya ati-ati Mbak Mina” saurane Mbak Yati.
Ing turut ndalan Mina deg-degan. “Dhik cekelan nggih?” prentahe Mina marang adhine. “Iya Mbak” swarane Sinta lucu nyauri. “Dhuh Gusti…” batine Mina neng ati. Pancen Mina bocahe manis, sekolah dhuwur, keluargane sanajan ora nduwe nanging bisa nyukupi kebutuhan, ora papa banget. Bocah neng ndesa, Mina wis katon apik dhewe, ora gumun yen akeh sing seneng marang dheweke. Ora karu-karuan rasane atine Mina. Sesek yen ana sing nyedhaki. Dheweke ora bisa crita, ora bisa andum suka lan goreh. Iya amarga Kakange ora nduwe hp. “Mengko tak papak ya Dhik…” Mina ngomongi adhine sing arep mlebu sekolah. “Iya Mbak…” saurane Sinta sing lucu.
Mina banjur bali, nanging muter, liwat dalan sing rada adoh, supaya ora ngliwati dalan rusak. Tekan omah dheweke mung meneng, atine tansah krenges-krenges, arep crita karo Kakange apa sing nembe dialami ora bisa. Dheweke mung bisa nulis, nulis neng hp, disimpen neng saved messages. Ana tulisan to: (not available) saved: 10:05:04 06/09/2011. Kaya mengkene unine. Bnyk yg mendekt ktk kau tk disisi,bnyk yg mberi perhtian ktk kau tk pernh menghubungi,aq mencob trus menguatkn diri n hati bhw kau disana ad utku,wlwpn terasa berat n perih ut meyakinkn it,krn kau tk pernh ad ktk aq ingn brbgi kebhgian,kesdihn,n cerit2 yg kulewti dlm hdupku,kau tk pernh ad ut it,,tk pernh,kau menjauh tk pernh ad,sakit hatiku,, . Sakdurunge kuwi Mina uga nulis isi atine ing hp. Tulisan iku ditulis Mina ing hp tanggal 06/09/2011 saved 09:57:50 to: (not available). Sing ditulis Mina kaya mengkene, Aq tdk bhgia,yg kurasa hny sesak didada,yg ad hnya rasa curiga,krn kau tk pernh terbuka,tk jujur dn tk pernh bicr ap adanya,hatiku sakit tiap mlmaq menangis,tk bsa bicr,tk bsa cerita,dg siapa,n kaupun tk pernh mengerti,ya Allah..luka hatiku,,sampai kpn?
*Kabacutake ing Pangimpenku Kowe Kang 3*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar