Latest SOAL :

Rabu

( Cerkak ) Ary, sing Siji iki

J
enenge Tiari. Kanca sakkelas nyeluke Ary. Apa Ary iku ayu, setengah ayu, malah gak ayu babar pisan, aku durung isa mbiji. Aku sik umbelen. Du­rung suwe disreng (sunat), Ary prawan kencur. Pawakane mrengil. Praen bunder. Sing paling gampang dadi tengerane, lambe ngisor sesih kiwa ditempleki an­dheng-andheng. Bunder gedhe sakpil obat ngelu. Masi wis jamane ekor kudha, tapi Ary sik seneng klabangan loro, nggae pita abang. Kesit. Nglanangi. Sakben didu kasti mongsuh sekolahan liya, Ary mesthi dadi bintange. Sik ana maneh. Ary iku pin­­­ter me­nyayi, swarane merdhu. Wis wani mung­gah panggung barang. Angger wa­yah wulangan menyanyi, murid sakelas kudu menyanyi lagu wajib, Nenek Mo­yang­­ku Orang Pelaut. Utawa nembang Kate-kate dipanah. Kanggone Ary bebas. Sing paling rame menawa Ary menyanyi Gambang Semarang. Angger nyandhak Grak-Grik si tukang kendhang, bokonge megol ngiwa, megol nengen, terus mri­pate mlerak-mlerok kaya Shakila bintang film India. Sejene pinter menyanyi Ary pan­­cen pinter nggaya. Tapi ya iku, janji wis nggarap etung para-gapit, utawa garis miring, Ary klebu murid sing paling gob­log. Kepleg. Mbleneki. Kanca sakelas nge­dumel ngomeli.



Kulit-kulitane kuning, rambut dawa ireng meles, gelungane sak rodhane sekuter
Ngadhepi triwulan keloro, Pak Achwan guru kelas lima, Sekolah Rakyat Lebak Sari Dua, pindhah dadi Kepala Sekolah Rakyat Klojen Lor. Gantine guru wedok, jenenge Dwi Aryani, kanca sakkelas ngun­dang Bu Ary. Rambute diklabang loro, tapi terus digabung dadi gelungan, disingseti nggae arnal. Andheng-andheng sing nem­­plek lambe kiwa gedhene sakjagung. Dibandhingne Pak Achwan, Bu Ary luwih streng, tapi loman. Lek ana murid sing biji­­­ne sepuluh, diperseni buku tulis, garis­an, potlot utawa setip. Aku ya tau ke­ci­pratan rejeki ngono iku. Sakben dina, Bu Ary nglereni mulang setengah jam sa­durunge bel muni, tapi gak ngongkon molih. Bu Ary mbadheki soal-soal itung, sejarah, ilmu bumi, ilmu hewan, ilmu ma­nusia, ilmu tumbuh-tumbuhan, ilmu alam. Sing jawabane bener, mulih dhisik. Lek gak ngono, aba anteng-antengan. Bu Ary ngadeg ngarep blabag, ngawasi kanca sa­kelas. Sing lungguhe paling anteng, mulih dhisik. Sing paling nyenengna lek wayahe nyemak wacan. Kabeh murid nge­dhepi buku wacan. Buku paket sing pancen di­sedhiyakne sekolahan (gak usah tuku). Salah siji dikongkon maca. Ujug-ujug di­pedhot, ngongkon murid sing lung­guhe adoh nerusne. Dipedhot maneh, ngong­kon murid liya maneh. Ngono iku dibolan-baleni nganti ping lima utawa nem. Lek kabeh bener, tandhane…..


Sumber : Penjebar Semangat


  


Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel