Latest SOAL :

Selasa

Pak Unyu


L
angite padhang. Wernane biru. Atiku uga padhang. Ahh… rasane plong banget bubar me­tu seka ruang kuliah. Dosenku nembe nganakake kuis dadakan. Nanging aja nganti ana sing mbahas maneh soal mau, moodku bisa dadi elek. Aku cepet-cepet mlaku nuju kos-kosan.

Ujug-ujug ana pit motor mandheg ana ngarepku nalika aku arep nyabrang dalan seka gerbang kampusku. Mas sing num­pak nganggo jaket kulit ireng lan helm sing kacane peteng lan ditutup. Dheweke mbukak kaca helme. Aku ngrasa kaya tau weruh wong iki senajan dheweke ngang­go masker.

“De?” ujare ngundang seru.

“Eh?” aku kaget krungu wong mau ngerti jeneng undanganku.

“Ingat nggak sama saya?” pitakone, swarane keprungu familiar banget.

“Siapa ya?” ujarku bingung.

Mas kuwi mbukak maskere. Irung mba­ngir… eseme… ahh!! Pantes aku ngra­sa kenal karo sorot mripate sing nun-jem tekan njero ati ….

“Masa nggak ingat sama orang yang dulu kamu kejar-kejar, hehehe,” ujare ma­neh karo ngguyu.



Oo… kuwi dosenku dhek aku semester awal dhisik! Mbuh kaya ngapa rupaku. Sajake abang-ireng, campur kuning ijo. Pelangi mbokan. Sing jelas aku isin ba­nget. Kenangapa sing dieling-eling bagian sing kuwi? Aku pancen tau naksir karo pak kuwi. Asmane Pak Bagus. Pancen wonge nggantheng, enom, lan unyu-unyu. Iya lah, wong nalika aku dadi ma­hasiswane Pak Bagus panjenengane nem­be wae lulus. Mesthi wae isih fresh. Amarga Pak Bagus isih unyu, aku dadi nyebut asmane Pak Unyu. Nanging tenan, saknaksir-naksire aku karo Pak Unyu, aku ora tau ngoyak-oyak dheweke kok. Wong aku naksire ora tekan ati. Kancaku wae sing padha iseng moyoki aku.

Aku wis ora tau ketemu Pak Unyu siji setengah taun luwih. Aku ora ngerti Pak Unyu menyang ngendi wae, sing jelas aku ora tau meruhi Pak Unyu maneh.

“Ya, ngerti pora, nyong wingi ketemu Pak Unyu!” wadulku menyang Tia, kan­caku sakkelas.

“Ho’oh pa? Nangendi?” Tia ketok an­tusias banget.

“Nang gerbang,” ujarku.

“Wejyan… CLBK kuwe, Cinta Lama Be­lum Kelar… hahaha” Tia ngakak. Aku nji­wit Tia, “Asem eh.” Tia mung ngguyu.

“Eh, dosene endi? Kok lawange dibu­kak, LCDne diuripi ora nana wonge” ta­konku marang Tia.

“Mberuh ka ya, apa dhewek salah kelas pa ya?” saute Tia.

Aku rumangsa salah kelas nalika Pak Unyu mlebu kelas lan lenggah nang kursi dosen. Pak Unyu mulai mbukak daftar ab­sensi lan ngabsen siji-siji, jenengku uga di­sebut. Berarti aku ora salah kelas. Ning kenangapa Pak Unyu mlebu kelasku? Tur anehe Tia biasa wae, padahal mbiyen dhe­­weke sing paling rajin moyoki aku karo Pak Unyu.

Ora ana kedadeyan spesial dina iku lan sakteruse. Kabeh normal. Pak Unyu dadi dosenku saben dina Jumat. Bedane, saiki Pak Unyu wis ora ana sing moyoki ka­ya mbiyen.

“De, nunggu siapa?” pitakone Pak Unyu ujug-ujug nalika aku lungguh dhe­wekan nang parkiran.

“Tia, Pak,” ujarku cekak sinambi me­sem.

Aku lan Pak Unyu nerusake ngobrol nganti setengah jam. Tia sing jarene mung arep tuku wedang ora teka-teka. Mbuh nyanthol nang endi. Nanging kalo­dhangan iki dadi srana mawujudake im­penku. Kawit mbiyen aku kepengin ba­nget ngerti kaya ngapa rasane ngobrol karo wong sing dak taksir. Jebule ya se­neng, senajan aku wis ora naksir maneh karo Pak Unyu.

“De, saya pergi dulu ya, mungkin se­telah ini kamu nggak akan ketemu saya lagi,” ngendikane Pak Unyu ujug-ujug.

“Lha kok?” ujarku, dadi cuwa amarga Pak Unyu wis menyat.

“Jangan lupa saya pernah ada di hati­mu, meskipun nggak lama,” ngendikane Pak Unyu maneh karo mesem.

Aku ora ngerti arep ngomong apa. Pak Unyu nggegem tanganku. Nanging ana sing aneh. Astane Pak Unyu krasa adhem banget kaya es.

“Kok tangan Bapak dingin banget? Gro­gi ya dekat saya, hehehe,” ujarku gu­yon.

Pak Unyu ngguyu, banjur mlaku ngung­kuri aku.

Watara rong menit sakwise Pak Unyu ninggalake aku dhewe, Tia teka kanthi praupan bingung. Tangane nggegem softdrink botolan.

“Seka ngendi bae? Tuku mimik ka suwi timen,” ujarku semu nutuh marang Tia sinambi njupuk botol ing tangane.

“Ket mau ngomong karo sapa, De?” Tia malah balik takon.

“Pak Unyu, kenangapa?” sautku karo ngombe.

Tia nggathukke alise.

“De, aja kaget ya, Pak Unyu ke wis ora ana,” ujare Tia lirih.

“Maksudmu” Ohok!! aku keselek lan langsung diterusake watuk.

“Nyong nembe ketemu Ira, njuk ngobrol mandan suwi. Wis ana sesasinan, jare Ira gara-gara kecelakaan,” Tia ne­rangake.

Rasane dhadhaku kaya ketiban watu sagajah. Rasa lara ing tenggorokanku amarga keselek kaya-kaya wis ora krasa.

“Njuk sing mulang dhewek sapa? Sing ngejaki nyong ngo­brol nembe sapa?” ujarku kanthi pikiran ruwet.

“Sing mulang dhewek ya genah Pak Abdul, lha nek nembe lah dheke kayane umak-umik dhewek, nyong ndelengna dheke mau pas gep mrene,” Tia njelasake.

Pikiranku kaya-kaya cuthel, kari kringet adhem metu siji-siji, “Njuk kuwi sapa, Ya?”

sumber : Penjebar Semangat

 



Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel