Latest SOAL :

Jumat

Cerkak Bahasa Jawa ( Pinaringan )

E
súk kuwi aku nyoba manèh nggolèki Mas Danang, nangíng ora kêtêmu. Kanca-kancané ora ånå síng ngêrti. Nalikå aku bali nyang omahé, Múrni wis ngêntèni. Bingúng nggónku arêp wangsulan, amargå aku wís janji yèn arêp nggolèki sak kêtêmuné nangíng nyatané ora nêmu asil åpå-åpå.
"Wís Mas, aku wís ngêrti yèn Mas Danang pancèn wís êmóh mulíh," kandhané Múrni karo mapan lunggúh ånå têras ngomah.
Aku mèlu-mèlu lunggúh ånå ngarêpé. Tanpå tak kandhani dhèwèké wís ngêrti wangsulané. Atiku trênyúh nyawang praupané síng aclum tanpå sunar. Åpå síng kudu tak tindakaké manèh kanggo mitulungi Múrni såkå anggóné susah pikiré?
Aku isíh kèlingan, limang tahún kêpungkúr, nalikå aku isíh cêdhak karo Múrni, Danang kancané kuliah, kanthi tanpå tak kira sak durungé, jêbúl biså ngrêbút Murni såkå aku. Pancèn, antarané aku lan Murni durúng tau ånå prajanjèn åpå-åpå, durúng tau ånå rêmbúg trêsnå, nangíng anggónku sabên dinå runtang-runtung, ngêtêraké kuliah lan mêthuk, kålå-kålå nóntón barêng, mangan ånå rèstóran barêng, åpå ora anèh yèn diarani ora ånå apa-apané? Nyatané jêbulé Murni múng nganggêp aku kåncå, utawa sêdulúr tuwå. Aku kagèt nalikå sak wijiníng dinå Múrni nyêdhaki aku, polatané sumringah katón yèn lagi bungah atiné.

"Mas, Mas Danang trêsnå karo aku," kandhané karo nggujêngi tanganku kêncêng. Mripaté kåcå-kåcå, nangíng aku yakin yèn kuwi tangisíng kabagyan.
Ora kråså, mripatku mèlu kåcå-kåcå, nangíng aku yå yakín yèn kuwi dudu tangisíng kabagyan amargå batinku pancèn nangís tênan. Kók yåtalah têmên tå Múr, dadi wóng kók ora ngêrti ditrêsnani. Malah saiki ora kråså yèn dhèwèké wís natóni atiku. Njúr åpå sak suwéné iki batinmu wutå? Lha nangíng piyé manèh, aku kalah samubarangé karo Mas Danang. Kånå bagús, brêgas, kêbandhan, lan yå pancèn pintêr ngruntúhaké atiníng wanitå.
"Aku mèlu sênêng," múng kuwi síng biså tak kandhakaké. Mokal aku banjúr nêsu-nêsu, utåwå rumångså dikianati, lha wóng sak suwéné iki ora tau ånå têmbúng åpå-åpå antarané aku lan dhèwèké.
Wiwít dinå kuwi aku banjur adóh såkå dhèwèké. Lan sêtahún sakwisé, Múrni omah-omah éntúk Mas Danang. Ya wís, aku ikhlas kók, jaréné trêsnå kuwi ora kudu anduwèni. Wís limang tahún anggóné omah-omah nangíng durúng diparingi mómóngan. Mas Danang síng jaréné nyambút gawé dagang ånå njaban kuthå, pancèn arang-arang mulíh wiwít sêpisanan ngêpèk bojo Múrni.
Sêjatiné aku ora kêpéngín kêtêmu manèh karo Múrni, nangíng yèn ånå åpå-åpå, nyatané sambaté Múrni yå múng mênyang aku. Lha piyé manèh, njúr manungså åpå aku iki yèn têrús émóh mélu cawé-cawé, wóng nyatané pangganggêpé nyang aku yå kåyå karo kangmasé dhéwé sênadyan kanggoku ora ngono. Nangíng aku mono dudu wóng síng jênêng ngaji pupúng. Pupúng bojoné adóh, njúr aku duwé trêkah síng nékå-nékå. Ora, åjå nganti. Wís bèn ati síng rêsík iki têtêp rêsík sak lawasé, sênadyan ånå tatu síng pathíng cómplóng íng sak kiwa têngêné.
Mauné sambaté Múrni múng amargå anggóné Mas Danang arang-arang mulíh, níng wóng pancèn wís gawéyané, suwé-suwé Múrni banjúr biså nåmpå. Nangíng suwé-suwé Múrni kandha yèn Mas Danang sajaké cuwå amargå Múrni ora bisa énggal duwé mómóngan.
"Yå sabar tå Múr, wóng lagi limang tahún kurang, síng sêpulúh tahún lagi diparingi mómóngan yå akèh. Malah tanggaku kånå ånå síng pitulas tahún lagi duwé mómóngan," aku nyoba nglipúr atiné.
"Aku ngono yå bisa waé sabar Mas, nangíng Mas Danang kuwi lho, síng sajaké ora sabar. Wingi kuwi malah têmbungé rådå nglarakaké atiku lho Mas, jaréné ora ngirå yèn jêbulé aku iki gabúg," mripaté Múrni wiwit kåcå-kåcå.
Yèn nuruti karêpíng ati, kåyå-kåyå aku kêpéngin ngrêngkúh dhèwèké lan tak rangkúl kêncêng ånå ing dhadaku. Nangíng sipat élingku isíh luwíh mênang. Élíng, élíng, kuwi bojoníng liyan. Wusanané aku múng nggêgêm tangané kêncêng.
"Kowé kudu sabar Múrni, aku yakin, sak wijiníng wêktu mêngko Mas Danang bakal ngêrti yèn kowé kuwi wanitå síng bêcík, lan aku yakin yèn kowé ugå bakal énggal pinaringan mómóngan."
Wís mèh sêsasi sak wisé kuwi aku ora kêtêmu manèh karo Múrni. Aku kêtungkúl anggónku nyambút gawé, wóng aku mono yå múng burúh cilík ånå pabrík sêpatu. Nganti tak réwangi lêmbúr-lêmbúr, ora múng amargå supåyå bisa luwíh akèh pamêtuku nangíng ugå supåyå biså nglalèkaké Múrni.
Nangíng ésúk kuwi Múrni mårå nyang ngomah. Isíh ésúk bangêt wóng aku durúng mlêbu nyang gawéyan. Praupané pêtêng, pucêt kaya wóng kurang turu.
"Wís sêsasi Mas Danang ora mulíh Mas," kandhané karo ngampêt tangis.
"Lha nyang ndi?"
"Ora ngêrti, HP-né ora tau aktif. Apa múng amargå aku dúrung biså ngandhút banjur aku dikiwakaké Mas? Åpå aku iki wanitå síng ora ånå gunané? Åpå kuwi ukuran bêcík lan alané wanita síng kudu diwêngku priya?" saiki êluhé wís wiwít dlèwèran ånå pipiné.
Atiku trênyúh, pisan ji iki aku kêpêksa kumlawé ngêlús-êlús rambuté. Tangisé sangsåyå ndadi, sirahé disèndhèkaké ånå dhadhaku. Dúh Gústi, wanitå iki, síng tak trêsnani wiwít tahúnan kêpungkúr, saiki sêméndhé ånå dhadhaku, nyèlèhaké atiné síng kêlårå-lårå."
Åpå ånå wanitå liyå síng luwíh biså lêladi katimbang aku? Åpå wanita mau síng biså nglahíraké kêturunan kanggo dhèwèké?
"Múrni, åjå ndakwa síng ora-ora sak durungé ngêrti búktiné. Biså ugå Mas Danang lagi akèh urusané, saéngga ora biså mulíh sêminggu sêpisan kåyå adaté," aku nyoba nglipúr atiné.
"Yèn ngonoå, kuduné kabar-kabar Mas, kênångåpå ora, aku iki rak sisihané?" Múrni ora trimå.
Aku banjúr nggolèki sak kêtêmuné, nangíng nganti pirang-pirang dinå ora nêmókaké asíl. Kuthå panggónané nyambút gawé síng tau dikandhakaké nyatané orå. Alamat síng ugå tau dikandhakaké jêbúl dudu omahé dhèwèké. Lha åpå Mas Danang apús-apús? Atiku wiwít ora kêpénak. Katóné Múrni wis pasrah. Ora ånå tangís síng dikatónaké nalikå aku bali lan ngandhakaké yèn ora biså nêmókaké kabar ngênani Mas Danang, kajåbå múng praupané síng aclum tanpå sunar.
Róng sasi sak uwisé, dumadakan aku krungu kabar. Kabar mau såkå Guntúr, biyèn tilas kancané kuliah Mas Danang. Jaréné Mas Danang nêmu kacilakan, móndhók ånå sak wijiníng rumah sakít nèng Sêmarang. Gagé-gagé aku mårå nyang omahé Múrni. Nalikå aku têkå, Múrni jêbul lagi waé têka såkå lunga, katón bungah atiné nalikå wêrúh aku têkå.
"Mas, ya ampún Mas, aku lagi waé såkå rumah sakit," kandhané, nangíng ora katón kåyå wóng lagi lårå.
"Aku ngandhêg, wís têlung sasi kók ora kråså," kandhané manèh tanpå ngêntèni pitakónku.
Aku kagèt. "Ngandêg?"
Múrni múng manthúk, ånå pangarêp-arêp síng sumirat såkå mripaté. Aku ngêrti åpå síng dikarêpaké, ya kuwi piyé bisané ngabaraké kabar kuwi mênyang Danang.
Ora ngêntèni sésúk-sésúk aku dina kuwi ugå budhal nyang Sêmarang.
Sak têkané rumah sakít, lan mlêbu kamar síng dikandhakaké Guntúr, aku kêtêmu wóng wadón ayu mêtu såkå kamar mau. Wóng wadón mau katón abang mripaté, mêntas nangis.
"Nyuwún sèwu, punikå kamaripun Mas Danang?" pitakónku ngati-ati.
"Oh, inggíh, panjênêngan kancanipun?" pitakóné wóng wadón mau.
"Inggíh, kulå Sigít, punikå...Múrni," aku, Múrni lan wóng wadón mau banjúr salaman.
"Kula bojonipun Mas Danang," kandhané wanitå mau.
Sak kala praupané Múrni pucêt, aku nggujêngi lêngêné kêncêng, njågå supåyå åjå ambrúk.
"Éman pênjênêngan rawúh radi kasèp, Mas Danang sampún kapundhút, tatunipun awrat," wóng wadón mau nangís sêsênggukan.
"Sêdåså tahún dadós sisihanipun, kók tégå ninggalaké aku lan anaké síng wís têlu," wóng wadón mau nangís sangsåyå bantêr.
***
Soré kuwi aku ngancani Múrni thêngúk-thêngúk ånå ngarêp omah. Tangané síng siji ngêlús wêtêngé síng wiwít katón mucu-mucu.
"Ora ngirå, aku kapusan priyå, wís duwé anak têlu...," Múrni unjal ambêgan, nangíng dhèwèké wís ora kêpéngín nangís manèh. Mbókmênåwå êluhé wís êntèk nalikå ngêrti yèn Danang wis ora ånå, lan ngêrti yèn jêbulé Danang wís duwé bojo.
"Nangíng ånå rasa sukúr, jêbulé aku iki wanitå, tênan-tênan wanita sing ora nguciwani, amargå nyatané aku pinaringan," têmbungé alón.
Sumiliríng angín soré ngobah obahaké wít kêkêmbangan síng manékå warnå kang tuwúh ånå ngarêp omah.


Sumber

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel