Latest SOAL :

Rabu

Ngumandhange Swara Adzan

I
sih keprungu swarane adzan ing kupingku

tak rasakake gawe tentrem lan bungahing atiku

Asma Allah ngebaki getih lan obahe jantungku

Gusti…

aku sujud ing ngarsaMu

dosa lan kaluputan kula tansah ngebaki dina-dinaku

dhuh Gusti…

eling pancen eling

nalika nglakoni maksiyat tumindak bejat

kudu kepriye Gusti?

swarane adzan wanci subuh gawe getering penggalihku

apa isih diparingi kalodhangan kanggo ndandani

kanggo ngowahi patrap lan sakabehe lakuku

Gusti…



 Sumber : Penjebar Semangat



 


Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel