Latest SOAL :

Rabu

Manuk Prenjak

W
ujude cilik mung sajempolan sikil
Ibere cepet solahe cukat
Swarane cemengkling cengkling cengkling
Apa maneh ing bangun enjing
Ing epanging uwit woh-wohan
Kaya rebut swara lawan kanca rowang
Emoh kalah swara karo swara klakson
Apadene mesin motor lan mobil kang lumaris
Manuk prenjak manuk tamu ya tamu aya
Ujaring crita ngendikane simbah
Yen prenjak ngoceh ing wayah esuk
Cedhak pendhapa omah bakal ana tamu
Apa tenan ora ngayawara
Ora ana kang paring wangsulan gumathok
Mung Allah ingkang uninga
Manuk prenjak mung ngumbar swara


Sumber : Penjebar Semangat

 

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel