Latest SOAL :

Rabu

Kekebane Simbok

M
bok…! Anggonku lelayaran prauku kandhas

Neng samodra lakuku kelangan pandom

Wilah cilik kayu gapuk gampang coklek

Mangka ombaking Samodra sawangane nggegirisi

Aku wedi mbok, aku trima bali… bali wae

Pelabuhanmu tak rasa edhum lan ayem

Ora tau ana rasa uwas lan kuwatir

Kekebanmu mbok, isis kaya angin sumilir

Geneya aku wingi nekad nggebyur datan mikir

Ora krasa mbok, jebul prauku numbuk karang

Katone endah ning jebule neng ati kumrangsang

Kleru lan luput kabeh apa sing tak gadhang

Neng rangkulanmu mbok, angler tur cedhak kadang

Simbok, tumprapku payung agung ing alam padhang

Apuranen ya mbok, jangkahku sing keplengkang

Tuntunen terus aku ben nemu dalan njingglang

Urip tentrem ing tengahing biyung lan kadang




Sumber : Penjebar Semangat



 


Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel