Latest SOAL :

Rabu

Cerkak Bahasa Jawa ( Skètsa Klawu )

G
awang-gawang katón pasuryané mitra-mitraku. Pucêt lan lêncu kåyå ora duwé gêtih. Ngêrêsing lêlakón lan sêsanggan uríp ndadèkaké mitra-mitraku katrêm ing panandhang. Ora bédå karo aku, malah kêpårå luwíh sêngsårå yèn katandhíng karo mitra-mitraku.
Aku múng biså turu salawasé uríp, tanpå duwé dåyå åpå-åpå. Súkmå síng sasuwéné iki katrêm ing ragaku kåyå-kåyå kêpéngín oncat. Mbókmênawa sawijiníng wêktu mêngko aku ora bisa nyandhêt anggóné arêp oncat ninggal ragaku. Awít aku kråså mênåwå sukmaku wís ora kuwagang manggón íng raga ringkih iki.
"Åpå síng biså dåktindåkåké kånggo kowé dinå iki," Rêmbulan wís ånå sandhingku. Dhèwèké sisihanku. Pasuryané katón résík, ayu lan manís bangêt. Aku kåyå-kåyå ora bósên yèn nyawang dhèwèké. Kadhangkålå aku duwé panyakråbåwa mênåwå satêmêné dhèwèké wís bósên karo aku lan kahananku. Nangíng katóné dhèwèké ora kêpéngín natóni pangrasaku.
"Ora ånå síng prêlu kótindakaké," wangsulanku.
"Kêpiyé kahananmu...., aku ngajab mugå sansåyå apík. Ngêrti ora, aku kêpéngín bêbarêngan lungå mênyang pantai. Kirå-kirå biså åpå ora?"
Pitakóné Rêmbulan iki angèl bangêt dakwangsuli.
"Kêpiyé? Biså åpå ora?"
"Êmbúh...., aku ora ngêrti," wangsulanku bingúng.
"Mêsthi kåyå mangkono wangsulanmu," Rêmbulan katón kuciwa.
"Mbókmênåwå biså," têmbúngku alón.
"Tênan?" Mripaté sing éndah katón tansåyå blalak-blalak.
"Mbókmênåwå..."
"Ah..., ibå éndahé..., aku kêpéngín gawé patúng såkå wêdhi!" panyawangé nrawang adóh.
Gawang-gawang pasuryané mitra-mitraku ngéglå manèh. Åpå kirå-kirå síng pådhå ditindakaké wêktu iki. Kèlingan lêlakóné salah sijiné mitraku, jênêngé Miskan. Miskan wís omah-omah lan wís duwé anak siji. Sawisé nglairaké anaké, bojoné Miskan dadi lara-laranên, miturút dhóktêr, ginjêlé ora bisa lumaku kanthi bêcík.

Déné anaké nandhang tumór ganas íng sirah. Kabar síng daktåmpå kèri-kèri iki, jaré Miskan wis ora nyambút gawé, awít pérusahaan papané nyambút gawé bangkrút. Íng batin aku múng biså prihatin, liyané prihatín aku ora biså åpå-åpå, awít kahananku síng ringkíh tanpå dåyå. Kadhangkålå aku ora trimå karo kêrsané Gusti Allah, généyå aku ciniptå sarwå ringkíh?"Hayo, ngalamún manèh! Iki dakgawakaké sênênganmu," Rêmbulan nyénggól tanganku karo nuduhaké wóh apêl.
"Múng siji?"
"Siji waé kowé ora tau bisa ngêntékaké. Pisan iki kowé kudu biså ngêntékaké apêl iki". Tangané kang alús wís ngranggèh ladíng síng ånå méjå lan kanthi trampíl ngóncèki wóh apêl.
Katón manèh wêwayangané mitrå cêdhakku, jênêngé Rudi. Rudi wís pitúng taún omah-omah. Anaké síng pisanan mati awit lair prématúr. Anaké sing nomêr loro durúng suwé iki ugå mati, dêmam bêrdarah. Kåyå-kåyå isíh krungu tangís sêdhih bojoné Rudi. Wêktu iki, Rudi owah pikirané. Tindak-tanduké sansåyå anèh. Aku kèlingan nalikå sawijiníng soré Rudi mênyang kuburan, jaré arêp mêthúk anak-anaké.
"Wah..., arêp udan," têmbúngé Rêmbulan alón. Pasuryané katón sênêng. Sakêplasan katón ana sawijiníng bab síng ndadèkaké Rêmbulan sênêng. Dhèwèké mèsêm, wóh apêl wís dióncèki lan wís dipårå dadi wólu.
"Iki wís dióncèki, gèk énggal dimaêm..., kudu êntèk."
"Yèn ngéné iki ora adíl. Luwih bêcík aku mangan siji kowé ugå mangan siji. Mangkono satêrusé," wangsulanku sakénané.
"Iyå..., nangíng kudu êntèk, lho!"
Irisan wóh apêl daktåmpå lan dakpangan. Lêgi bangêt. Pranyåtå ilatku isih biså mbédakaké råså.
Daksawang Rêmbulan ugå mèlu mangan wóh apêl. Panyawangé marang aku béda karo padatan. Mbókmênawa ånå síng arêp dikandhakaké.
"Ånå åpå?" Pitakónku alón.
"Upåmå..." Rêmbulan ora nêrusaké têmbungé.
"Upåmå åpå?"
"Kowé ora nêsu yèn aku kåndhå bab iki?"
$22Ora."
"Tênan?"
Aku manthúk.
"Upåmå sawijiníng wêktu mêngko awaké dhéwé ora biså barêng, åpå kowé isíh nrêsnani aku?" Rêmbulan ndhingklúk.
"Mêsthi waé. Aku bakal nrêsnani kowé salawasé," wangsulanku mantêp. Sanadyan ånå råså lårå sing norèh batinku. Aku kråså têmbungé minångkå sasmitå mênåwå Rêmbulan bakal ninggalaké aku. Nangíng kabèh panyåkråbåwå banjúr dakbusak såkå pikiranku.
Aku ngrumangsani yèn sasuwéné iki aku malah ngrépótaké Rêmbulan. Mbókmênåwå Rêmbulan wis bósên tênan karo kahananku. Aku biså nåmpå kabèh karêpé Rêmbulan, lan upåmå Rêmbulan ninggal aku, aku lilå lêgåwå. Sanadyan ånå råså sing tumabêt.
Wóh apêl isíh têlúng iris. Rêmbulan isíh mênêng. Sirahé tumungkúl. Aku dadi mêsakaké nyawang dhèwèké kåyå mangkono.
"Kowé ora prêlu rumångså lupút...., aku síng lupút. Sasuwéné kowé dadi sisihanku, aku bangêt ngrépótaké kowé. Pisan waé aku durúng tau nyênêngaké kowé. Aku njalúk pangapurå awít kêkuranganku iki....," têmbúngku kêntèkan pangarêp-arêp.
Satêmêné aku wêdi kélangan Rêmbulan, nangíng aku ora kêpéngin Rêmbulan sêngsårå uripé yèn uríp barêng karo aku. Aku kêpéngin uripé Rêmbulan kêbak kabagyan. Lan aku ngrumangsani ora bakal bisa ndadèkaké uripé bagyå mulyå. Saliyané kuwi, sêsambunganku karo Rêmbulan ora dipangèstóni déning wóng tuwané Rêmbulan. Prêkårå klasik, wóng tuwané Rêmbulan kêpéngin anaké omah-omah karo wóng bêrhasíl. Êmbúh apa maknané bêrhasil kuwi.
Nalikå pikiran lan angênku isíh ngulandårå, Rêmbulan pamít. Êmbúh Rêmbulan lungå mênyang ngêndi.
Sawijiníng wêktu dakcoba nggólèki ragaku..., lan daksawang ånå trêbêla dipêndhêm ing kuburan...., lan síng njêro trêbêla kuwi pranyata ragaku....!



Sumber

Tidak ada komentar:

 
Support : Creating Website | Slamet Sisyono | My Facebook
Copyright © 2011. Spensa Malang - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Free Blogger Template
Kirim Artikel